Kim Isabel Fredrika Wall
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Kim Isabel Fredrika Wall (23 Maret 1987 – 10 Agustus utawa 11 Agustus 2017) iku sawijining wartawati Zwèden sing ngilang nalika numpak kapal silem UC3 Nautilus, sawijining kapal silem pribadi gawéané insinyur Dénemarken Peter Madsen. Ing tanggal 11 Agustus 2017, UC3 Nautilus klelep kanthi nyalawadi sawisé Wall dilapuraké ilang. Sawisé iku Madsen dislametaké. Rolas dina sawisé gembungé Wall tanpa sirah lan tangan sikil ditemokaké ing kutha palabuhan Køge ing Dénemarken. Madsen banjur didakwa matèni Wall kanthi telédor.
Remove ads
Karièr
Wall nyambut gawé minangka sawijining wartawati freelance. Karyané dibabar ing koran lan kalawarti wigati kaya ta The Guardian, The New York Times, Harper's, lan Time.[1][2] Ing taun 2016, dhèwèké olèh bebungah Hansel Mieth kango réportase digital sing apik dhéwé ngenani owahing iklim lan tès gaman nuklir ing Kapuloan Marshall.[3]
Réferènsi
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads