Ki Hadjar Dewantara
From Wikipedia, the free encyclopedia
Ki Hadjar Dewantara lair ing Ngayogyakarta, 2 Mèi 1889 – pati ing Ngayogyakarta, 26 April 1959 ing umur 69 taun[1]; iku pelopor pendhidhikan kanggo kaum pribumi Indonésia ing jaman panjajahan Walanda.
Ki Hajar Dewantara | |
---|---|
![]() Ki Hajar Dewantara | |
Mantri Pangajaran Indonésia ke-1 | |
Linggih 2 September 1945 – 14 November 1945 | |
Présidhèn | Soekarno |
Kang sadurungé | Ora ana, kalungguhan anyar |
Kang sawisé | Todung Sutan Gunung Mulia |
Rerincèn dhiri | |
Lair | Yogyakarta, mangsa Hindia Nèderlan | 2 Mèi 1889
Pati | 26 April 1959 69) Yogyakarta, Indonésia | (umur
Agama | Islam |
Lair kanthi jeneng Radèn Mas Suwardi Suryaningrat, Ki Hajar Dewantara ngadegaké perguruan Taman Siswa sing mènèhi kasempatan marang para pribumi supaya bisa olèh pendhidhikan kaya déné para priyayi utawa wong-wong Walanda.
Tulisan Ki Hajar Dewantara sing misuwur ya iku "Yèn Aku Wong Landa" (irah-irahan asli: Als ik eens Nederlander was), dipacak ing ariwarta de Expres duwèké Dr. Douwes Dekker, taun 1913. Artikel iki ditulis sajeroning kontèks rencana pamaréntah Walanda ngumpulaké sumbangan saka Hindhia Walanda (Indonésia), sing wektu iku isih durung mardika, kanggo prayaan kamardikan Walanda saka Prancis.
Ki Hajar Dewantara séda tanggal 26 April 1959 lan disarèkaké ing Wijayabrata, désa Mlathi, Sléman, Yogyakarta. Tanggal lairé, 2 Mèi, sabanjuré didadèkaké Dina Pendhidhikan Nasional ing Indonésia. Ki Hajar Dewantara dikenal minangka Bapak Pendhidhikan Indonésia lan pasuryané bisa dideleng ing dhuwit kertas pecahan Rp 20.000 taun emisi 1998.[2]
Uga delengen
Réferènsi
Pranala njaba
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.