From Wikipedia, the free encyclopedia
Kembang api ya iku materi kang bisa njeblug. Kembang api uga nduwéni daya njeblug kang cilik piroteknik.[1] Kembang api lumrahé dianggo panglipur, amarga kembang api nduwéni efek lampu kang éndah.[1] Kembang api uga digunakaké nalika ana karaméan taun baru utawa dina-dina wigati liyané.[1] Lumrahé dianakaké pertunjukan kembang api.[1] Kembang api ngasilaké patang efek primer ya iku swara, cahya, pega, lan materi kang bisa mabur kaya ta confetti).[1] Kembang api dirancang supaya bisa mbledhos saéngga ngasilaké cahya kang warna-warna kaya ta abang, oranye, kuning, ijo, biru, ungu, lan pérak .[1] Pertunjukkan kembang api wis dadi kagiyatan umum ing donya lan kalebu kagiyatan pista kultural lan religius.[1]
Kembang api tinemu ing Cina kanggo medén-medéni roh jahat.[2] Saliyané nganggo kembang api uga kena digunakaké bubuk mesiu.[2] Kembang api uga digunakaké ing karaméan lan féstival kaya ta Tahun Baru Imlek lan Féstival Bulan ing tengah mangsa palastra.[2] Negara Cina kalebu nagara kang ngasilaké lan ngeskpor kembang api paling akèh ing donya.[2]
Sanajan katon apik, nanging kudu ati-ati yèn nyumet kembang api.[2] Kembang api nduwéni efek panas, saéngga bisa njalari tatu yèn kena geniné.[2] Wektu mbledhos wujud lan wernané kembang api béda-deda siji lan sijiné, saéngga yèn diblédhosaké bareng bakal nggawé efek cahya kang apik lan katon éndah.[2] Cacahé lan suwéné uripé cahya ing kembang api uga kena diatur.[2] Carané kanthi ngukur bahan-bahan kimia kang minangka nggawé kembang api.[2] Dhapuré kembang api uga warna-warna.[2]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.