Katrina Kaif

From Wikipedia, the free encyclopedia

Katrina Kaif
Remove ads

Katrina Kaif (lair ing (1984-07-16) 16 Juli 1984 (umur 40)) iku aktris lan model Bollywood.[1] Dhèwèké putra saka pasangan Mohammed Kaif kang katurunan Kashmir lan Suzanne Turquotte kang katurunan Inggris.[1] Ibuné lulusan saka Harvard University.[1] Ning taun 2009 Katrina olih predikat dadi wanita paling seksi déning polling majalah FHM India.[1]

Sunyata Rikat Lair, Bangsa ...
Remove ads

Katrina kang duwé getih katurunan saka Inggris sempet dikira dadi warga London, Ingrris.[1] Nanging faktané, dhèwèké namung manggon telung taun suwené ning London.[1] Sawisé iku, dhèwèké pindah maring Mumbai.[1] Nganti taun 2011, aktris lan model iki durung tau digaosipaké duwé pacangan.[1]

Remove ads

KARIR

Kariré ning donya entertainment diwiwiti nalika dhèwèké ana ning umur 14 taun.[1] Katrina dadi model majalah perhiasan ning London.[1] Dhèwèké tampil pisanan ning layar lebar nalika mainaké peran ning filem BOOM nalika taun 2003.[1]

Kanggo njurung kariré ning donya filem Bollywood, Katrina milih kanggo pindah marang Mumbai, India.[1] Dhèwèké miwiti main ning filem, filem-filem kang tau dibintangi dhèwèké ya iku SARKAR (2005) lan MAINE PYAAR KYUN KIYA (2005).[1] Ning filem paling akir, katrina olih bebungah dadi Stardust Breakthrough Performance Award (Female).[1]

Nanging jenengé tambah kondhang nalika dhèwèké mainaké filem box office NAMASTEY LONDON nalika taun 2006.[1] Sawisé iku, dhèwèké olih tawaran akèh kanggo ngasah bakat aktingé.[1] APNE, PARTNER, WELCOME, RACE, HELLO, NEW YORK lan BLUE iku tuladhané filem-filem kang tau dibintangi dhèwèké.[1]

Taun 2011, Katrina gawé filem kang judhulé JANAM_JANAM KA SAATHI LOVE-FOREVER, filem kasenut dadi filem pisanan kang digawwe déning dhèwèké.[2] Ning filem mau, dhèwèké uga kang nulis skenarioné.[2]

Remove ads

Filmografi

Film-filem kang tau dibintangi Katrina Kaif[1]:

Katerangan liyané Year, Film ...
Remove ads

Cathetan suku

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads