From Wikipedia, the free encyclopedia
Karèt kebo (Ficus elastica) ya iku spésiès tetuwuhan saka génus ficus. Tuwuhan iki asalé saka India sisih lor-wétan, Népal, Bhutan, Burma, Cina, Malaysia, lan Indonésia. Tuwuhan iki uga banjur wus kasebar ing Sèilon lan Praja Florida, Amérikah Sarékat.[2][3]
Ficus elastica | |
---|---|
| |
Status konsèrvasi | |
Masalah Lua: expandTemplate: template "Filtra_idioma" does not exist. | |
Spesies jroning kahanan aman | |
IUCN | 116271522 |
Takson | |
Masalah Lua ing package.lua larik 80: module 'Modul:Wikidata/labels' not found. | |
Spesies | Ficus elastica Roxb. ex Hornem. 1819 not Roxb. 1832 nor Roxb. 1814 (the last one not validly published) |
| |
Tata nama | |
Sinonim takson |
|
Karèt kebo kalebu golonganing tuwuhan waringin kang dhuwuré bisa nganti 30-40 mèter, malah kepara nganti 60 mèter. Déné watangé bisa nganti 2 mèter. Kango nyengkuyung ukuran kang gedhé mau, kaya déné lumrahé golongané waringin karèt kebo uga duwé oyot gantung. Godhongé kawangun lonjong gumilap warna ijo semu abang, dawané 10–35 cm lan ambané 5–15 cm. Tuwuhan kang isih enom duwé godhong kang luwih amba tinimbang kang wis tuwa. Saliyané kanthi wiji kang tuwuh, karèt kebo uga bisa ditandur kanthi cara stèk.
Kayadéné lumrahé tuwuhan waringin, kembang karèt kebo mbutuhaké pitulungan tawon kanggo penyerbukan. Anané tawon kang wus dadi pasangan tuwuhan iki ndadèkaké kembang karèt kebo ora prelu manèh warna kang apik lan ganda kang wangi kanggo ngundang kéwan gremetan liyané. Wohé karèt kebo wujudé lonjong ijo semu kuning udakara 1 cm.
Karèt kebo lumrahé sengaja ditandur kanggo pethètan utawa kanggo éyup-éyup. Kanthi sipat kang rikat anggoné tuwuh, tuwuhan iki bisa kapilih kanggo nanduri papan kang panas.
Ing Cherrapunji, Meghayala, India sisih lor-wétan, ana sawenèh masarakat kang sengaja mbudidaya karèt kebo kapurih bisa dadi wod ing kali. Wit karèt kebo ditandur ing pinggir kali lan sebrangé, banjur nalika wis tuwuh oyot gantungé kasambung lan katata dadi wod. Nalikané oyot tambah gedhé, bisa kuwat kanggo diliwati manungsa.[4] Déné ing Indonésia, uga tinemu ing Kacamatan Leuwi Damar, Kabupatèn Lebak.[5]
Karèt kebo bisa kanggo tamba manéka lelara, kaya ta lara kulit, maag, rématik, nglancaraké getih, lan nyuda rasa lara. Ing godhongé kakandhut senyawa saponin, flavonoid, lan polifenol. Karèt kebo uga duwé kasiyat kanggo tamba stroke.[6] Déné tata carané kanggo jejamu, godhong karèt kebo digodhog nganti suda banyuné, banjur diombé.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.