Kanker prostat
From Wikipedia, the free encyclopedia
Kanker prostat ya iku lelara kanker kang ana ing prostat.[1]Prostat ya iku salah sijiné klanjer sajeroning sistem reproduksi wong lanang.[1] Kanker prostat bisa kadadéan amarga sèl prostat ngalami mutasi lan wiwit thukul lan ora bisa dikendalekaké.[1] Sel iki bisa nyebar kanthi metastasis saka prostat ing pérangan awak liyané, mligi balung lan lymph node.[1] Kanker prostat bisa nggawe lara lan angèl anggoné pipis, disfungsi erektil lan tandha-tandha liyané.[1]

Prostat iku klanjer kang ana ing sangisoré kandung kemih wong lanang.[1] Fungsi mligi prostat ya iku kanggo mrodhuksi cuwèran kang njaga lan nyaluraké sperma.[1]
Prostat kerep gedhé ukurané nalika umuré 50 taun.[2] Nalika umuré 70 taun 80% wong lanang nduwéni prostat kang gedhé.[2] Akèh wong lanang kang umuré wis lansia kang ngalami masalah nalika nguyuh awit prostat kang ukurané gedhé.[2] Nanging ana uga kang gedhené prostat iki uga saka thukulé kanker.[2] Kanker prortat lumrahé nyerang wong lanang lan lumrahé kang umuré sandhuwuré 65 taun.[1]
Tandha
Tandha-tandhané yèn kena kanker klanjer prostat ya iku.[1]
- Ilèn urin lemah lan mbutuhaké wektu kang suwé kanggo nguyuh.
- Ngentèni suwé lagi urin bisa metu.
- Luwih kerep nguyuh tinimbang lumrahé.
- Kerep kebelet pipis.
- Ngrasake lara ing pangkal penis utawa urin kang ana getihe. Iki lumrahé dadi tandha-tandha ing kanker prostat stadium lanjut.
Panyebab
Panyebap kanker prostat ya iku:[1]
Cathetan suku
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.