Jean-Paul Gaultier

From Wikipedia, the free encyclopedia

Jean-Paul Gaultier

Jean Paul Gaultier ya iku perancang mode asal Perancis.[1] sanajan kondhang minangka perancang mode, dhèwèké ora mung ngrancang busana larang kanggo priya lan wanita, nanging uga nyediakake sandhangan balet, sandhangan kanggo filem, lan uga adol lenga wangi.[1] Jean-Paul Gaultier lair ing Arcueil, Prancis tanggal 24 April 1952.[1] Gaultier ya iku anak tunggal saka pasangan akuntan kang ngarep-arepake dhèwèké dadi sawijining guru Spanyol.[2] gawéane minangka perancang didayani déning simbahe ya iku Marie Garrabe, sawijining penghipnotis lan ahli usada alternatif kang ndorong dhèwèké sinau nramcang lan gawé sketsa.[2] Gaultier sadar ngenani bakate mau sawisé enyuk ukuman saka gurune amarga sawijining penari ya iku Folies Bergere kang gawé dhèwèké kudu lumaku ngubeng sekolah kanthi nggambar sekolah.[2] Nanging ukuman mau malah gawé dhèwèké dadi sadar duwé bakat nggambar.[2] Gaultier bolos saka sekolah amarga nggambar koleksi mode kang dikirimake ng pirang-pirang omah mode.[3] Ing taun 1970, dia dadi asisten saka perancang Pierre Cardin. Sawisé iku, dhèwèké nyambut gawé marang Jacques Esterel.[3] Ing taun 1974, Gaultier nambut gawé manèh marang Pierre Cardin lan dhèwèké dikirim ing Manila.[3]

Thumb
Jean-Paul Gaultier.

Cathetan suku

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.