From Wikipedia, the free encyclopedia
Hotspot iku panggonan-panggonan kang duwèni layanan internèt kanthi nggunakaké tèknologi Wireless LAN, kaya ta ing pawiyatan luhur, mall, plaza, pabukon, restoran utawa papan anggegana.
Layanan internèt kaya iki, ana kang bayar lan ora bayar (gratis).[1]
Konsèp iki kawiwitan ing taun 1993 déning Bret Stewart nalika konferènsi Networld lan Interop, ing San Fransisco.[1] Kanthi nggunakaké tèknologi iki, saben wong bisa ngaksès jaringan internèt lumantar komputer/laptop/HP/PDA. Perangkat komputer/laptop/HP/PDA kuduné duwé prangkat wi-fi.[1] Lumrahé wi-fi hotspot nggunakaké standarisasi WLAN IEEE 802.11b utawa IEEE 802.11g.[1] Teknologi WLAN iki bisa mènèhi kecepatan aksès kang dhuwur nganti 11 Mbps (IEEE 802.11 b) lan 54 Mbps (IEEE 802.11 g) ing jarak nganti 100 mèter.[1]
Komponèn-komponèn kang ana ing hotspot ya iku:[2]
Jinis-jinising hotspot kang biyasa digunakaké ya iku:[3]
Saiki, hotspot sansaya akèh ana ing panggonan umum, nanging saben golèk sambungan ing sawijining hotspot bebayani tumrap PC utawa laptop.[4] Hotspot ya iku jaringan bukakan kang ora terenkripsi, mula nalika wis nyambung karo pengguna hotspot liyané, kabèh mau bisa nyusup lan nyebabake komputer rusak.[4]
Peretas (Hacker) nggunakaké hotspot kanggo ngawasi sinyal wireless utawa njebak supaya kecekel ing hotspot evil twin.[5] Hotspot evil twin iki minangka gangguan nalika hacker nyusup ing sinyal wireless kanggo mikir yèn ana pengguna kang ana ing area hotspot.[5] Nalika pangguna wiwit oprasi lumantar evil twin, mula hacker bakal ngawasi aktivitas internet pangguna hotspot.[5] Kaanan iki bisa nddekake hacker ngakses kartu kredit pangguna hotspot, yèn nindakaké transaksi kanthi daring (online).[5]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.