From Wikipedia, the free encyclopedia
Hanbok yaiku sandhangan tradhisional Koréa kang uga diarani sandhangan sang angin.[1]
Garis-garis lan lekukan-lekukane kang alus yèn disawang pancen kaya angin.[1] Wong Koréa asring nganggo tembung baram utawa angin kanggo nggambaraké rasa bungah kaya ta nalika wong ketaman asmara.[1] Angin minangka pralambang kamardhikan, tanpa bobot, lan bisa mabur sakarepe dhéwé.[1] Sajatiné,hanbok kasusun saka jeogori (jaket) lan baji (kathok dawa).[2] Iki nuduhake kahanane Scythian Lor. Hanbok kanggo wong wadon béda karo hanbok wong lanang. Hanbok wong wadon iku kasusun saka rok lan ndhuwuran klambi kang memper karo bolero. Hanbok uga padatan diarani chimajeogori, chima tegesé rok, lan jeogori tegesé jaket. Déné hanbok kanggo wong lanang iku nganggo jaket cendhak lan clana dawa sing diarani baji.
Pérangan-bageyane hanbok,yaiku:[1]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.