Gareth Bale

From Wikipedia, the free encyclopedia

Gareth Bale

Gareth Frank Bale (lair ing Cardiff, Wales, 16 Juli 1989; umur 22 taun) ya iku juru main bèg sayap kiwa bal-balan Wales sing saiki maèn ana ing Real Madrid CF lan tim nasional Wales.[1] Posisi dhèwèkè sak benerè iku bèg kiwa nanging saiki asring dadi sayap kiwa.[2] Kaanan kaya ngono manajer Harry Redknapp ngomong yèn Bale iku juru main paling apik sayap kiwa ing premier league.[2]

Sunyata Rikat Katrangan priangga, Jeneng dawa ...
Gareth Bale
Thumb
Gareth Bale ing Final Liga Champions 2018
Katrangan priangga
Jeneng dawa Gareth Frank Bale
Dhuwur 1.86 m (6 ft 1 in)
Posisi main sayap kiwa
Katerangan klub
Tim saiki
Tottenham
Angka 3
Karir nom
2005–2006 Southampton
Karir klub*
Taun Tim Main (Gul)
2013–saiki Real Madrid 67 (12)
Karir tim nasional
2002–saiki  Wales 27 (3)

* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 6 Fèbruari 2011.

‡ Gunggung main lan gul ing tim nasional iki patitis per pukul 2 Juli 2010
Tutup
Thumb
Gareth Bale ing Tottenham Hotspur mangsa 2010-11

Saben juru main bal – balan duwèni panutan kang isoh nggawè semangat.[3] Pada karo Gareth Bale, dhèwèkè duwèni panutan ya iku bèg kiwa timnas Inggris Ashley Cole.[3] Kuwi sebabè Bale langsung manteb pilihanè maèn ing posisi iku.[3]

Dhèwèkè langsung dadi kondhang ing bal – balan Inggris amarga transfer dhèwèkè £ 10 juta ing Tottenham wulan Mèi 2007.[2] Karir paling apik nalika dhèwèkè hat-trick ing San Siro kang nggawè menang saka Inter Milan 4 – 3.[2] Prastawa iku nggawè Bale èntuk sesebutan ‘Taksi kanggo Maicon’.[1] Maicon iku bèg tengen Inter Milan sing bola bali dilèwati Bale.[1]

Ana ing wulan Maret 2011, Bale nandatangani kontrak anyar karo Tottenham Hotspur nganti tekan taun 2015.[4] Sadurungè menyang Tottenham Bale mèlu 45 maèn karo Southampton, lan limang gol, lan mbantu klub menyang Championship play-off ing akir mangsa 2006-07.[4] Dhèwèkè duwè kaluwihan ing lumayunè banter tekan ngarep banjur alus ngegolkè.[5] Isa ngobrak – abrik mungsuh lan dhèwèkè uga jago nendang bèbas.[5]

Rikala Cilik

Bale lair ing Cardiff, Wales tanggal 16 Juli 1989, Gareth Frank Bale iku anak ragil saka pasangan Frank lan Debbie. Bapakè iku dadi guru, déné ibunè kerja ing lembaga hukum ing Wales.[3] Dhèwèkè uga duwè mbakyu kang jenengè Vicky[3]. Rikala cilik, Bale wis seneng ulah raga. Bapakè ngenalkè ulah raga karo Bale wiwit umur 3 taun.[3] Nalika sekolah ing Whitchurch dhèwèkè ora adoh saka ulah raga.[3] Kajaba dolanan bal – balan, Bale uga dadi atlet playon paling banter ing sekolahè. Rugbi lan hoki uga wis tau dadi dolananè. Namung akhirè dhèwèkè milih dadi juru main bal – balan.[3] Bale enom gabung karo sekolah akademi bal - balan Southampton wiwit umur 9 taun lan Nalika lumebu masa remaja, Bale misuwur dadi atlèt rugby lan bal – balan. Bale uga misuwur duwèni tendangan kiwa banter banget.[1] Bale bisa nggawa tim sekolahanè njuwarani turnamèn – turnamèn nalika sekolah.[1] Umur 16 taun dhèwèkè wis kapilih lumebu tim inti bal – balan Southampton.[1] Nanging ing taun 2007, Southampton ngedol Bale marang Tottenham Hotspur.[4] Nalika awal ing kono dhèwèkè ora tau menang kaping 24.[4] Nanging wiwit September 2009 Bale wis mulè kètok apik.[4]

Karir

Karir sing paling apik nalika Bale hat-trick ing Giuseppe Meazza kang nggawè menang saka Inter Milan 4 – 3. Karir sing paling èlèk kanggo Bale ya iku nalika dicap dadi Yunus sawisè Tottenham Hotspur ora tau menang 24 tetandhingan[5] Bangdingnè karo juru main liyanè ing posisi liya, nanging tetep Bale mèlu posisi lima sing paling dhuwur[3] ya iku G. Bale (2.37) J. Cole (1.96) F. Malouda (1.80) Defender/Midfielder Kiri Nama (Dribble sukses/90 menit A. Arshavin (1.67) Nani (1.64) P. Evra (1.34) A. Cole (1.00). Nalika bandingkè karo kabèh Posisi Pemain (Dribble/90 menit) A. Diaby (2.98) S. Wright –Phillips (2.89) C. N’Zogbia (2.82) E. Eboue (2.53) G. Bale (2.37)[3]

Cedera

Ing mangsa 2007 – 08 Bale cedera dengkul, dadinè mung maen kaping 12. Ing taun 2009 uga cedera manèh, nanging iki dhèwèkè kudu operasi. kang paling anyar manèh ing taun 2011 saiki Bale ora maèn nganti tekan mangsa entèk[5].
Tabel.[6]

Katerangan liyané mangsa, saka ...
mangsasakatekancederane
10/1126.01.201123.02.2011cidra geger
09/1001.08.200912.09.2009cidra dhengkul
07/0802.12.200701.08.2008cidra tungkak lan ligamen
Tutup

Jroning Angka

Klub

Katerangan liyané Klub, Mangsa ...
Panampilan lan gol déning klub, mangsa lan kompetisi
Klub Mangsa Liga Piyala Nasional Piyala Liga Eropah Liyané Gunggung
DhivisiPanampilanGolPanampilanGolPanampilanGolPanampilanGolPanampilanGolPanampilanGol
Southampton 2005–06 Championship 20000020
2006–07 Championship 385103010435
Total 405103010455
Tottenham Hotspur 2007–08 Liga Primèr Inggris 82001130123
2008–09 Liga Primèr Inggris 160205070300
2009–10 Liga Primèr Inggris 2338030343
2010–11 Liga Primèr Inggris 30700001144111
2011–12 Liga Primèr Inggris 3694200214212
2012–13 Liga Primèr Inggris 33212111834426
Gunggung 1464216310231820355
Real Madrid 2013–14 La Liga 2715511264422
2014–15 La Liga 311320102524817
2015–16 La Liga 231900803119
2016–17 La Liga 197008200279
2017–18 La Liga 26162173413921
2018–19 La Liga 2983073334214
2019–20 La Liga 162113000203
Gunggung 171801335516126251105
Tottenham Hotspur (silih) 2020–21 Liga Primèr Inggris 71211161164
Gunggung karir 3641283271439225136515169
Tutup

Nagara

Katerangan liyané Tim nasional, Taun ...
Panampilan lan gol déning tim nasional lan taun
Tim nasionalTaunPanampilanGol
Wales 200641
200771
200850
200970
201041
201163
201253
201352
201453
201565
2016117
201730
201865
201992
202040
Gunggung8733
Tutup

Pranala njaba

Cathetan suku

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.