Ganésa
From Wikipedia, the free encyclopedia
Ganesa (Sanskerta गणेश ; ganeṣa rungokna (pitulung·info)) iku salah siji déwa misuwur sajeroning agama Hindhu lan akèh dipuja déning umat Hindhu, sing nduwé gelar minangka Déwa kawruh lan kacerdasan, Déwa pelindhung, Déwa penolak bala utawa bencana lan Déwa kawicaksanan. Lukisan lan reca né akèh tinemu ing sadhéngah papan ing India; kalebu Nepal, Tibet lan Asia Kidul-wétan. Sajeroning relief, reca lan lukisan, Ganésa kerep digambaraké asirah gajah, lengen papat lan awak lemu. Ganésa dikenal uga kanthi jeneng Ganapati, Winayaka lan Pilleyar. Sajeroning tradhisi pewayangan, Ganésa karan Bathara Gana, lan dianggep salah siji putra Bathara Guru (Siwa). Sawetara sékté sajeroning agama Hindhu muja tanpa peduli golongan. Pamujanmarang Ganesa nganti sumrambah menyang umat Jaina, Buda, lan ing sajabané India.[1]
Rujukan
Pranala njaba
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.