Dewan Pers

From Wikipedia, the free encyclopedia

Dewan Pers

Dewan Pers inggih punika salah satunggaling lembaga independen ing Indonésia ingkang gadhah fungsi kanggé ngrembakakaken lan nglindhungi pagesangipun pers ing Indonésia. Dewan Pers sajatosipun sampun madeg wiwit taun 1966 kanthi Undang-undang No. 11 Tahun 1966 ngèngingi Ketentuan-ketentuan pokok pers, nanging ing wekdal punika Undang-undang No. 11 Tahun 1966 tentang Ketentuan-ketentuan pokok pers, gadhah fungsi dados penasehat pamaréntah lan gadhah gegayutan kanthi strukutral kaliyan Departemen Penerangan. Kanthi éwah- ewahaning wekdal, Dewan Pers saged langkung ngrembaka malih lan akhiripun saged gadhah dhasar ukum ingkang paling énggal inggih punika Undang-Undang No. 40 Tahun 1999 ngengingi Pers. Wiwit wekdal punika, Dewan Pers saged madeg dados satunggaling lembaga independen. Kanthi wujuding Dewan Pers ugi kanggé njangkepi Hak Asasi Manungsa (HAM), amargi kamardikan pers kalebet dados péranganing HAM. Dewan Pers gadhah weenang kanggé ngrampungaken sengketa jurnalistik. Minangka lembaga independen, Dewan Pers boten gadhah wakilipun saking pamaréntah ingkang dados anggotanipun. Sapunika, Dewan Pers dipunpandhegani déning Bagir Manan.

Thumb
Logo Dewan Pers Indonésia

Fungsi Dewan Pers

Miturut Pasal 15 ayat (2) Undhang- undhang Pers, Dewan Pers gadhang fungsi kados makaten:[1][2]

  • Nglindhungi kamardikan pers saking campur tanganipun pihak sanèsipun;
  • Nindakaken pengkajian kanggé ngrembakakaken pagesanganipun pers;
  • Netepaken lan ngawasi lampahing Kode Etik Jurnalistik;
  • Paring pertimbangan lan ngupaya cara ngrampungaken pengaduanipun masarakat saking kasus- kasus ingkang wonten gegayutanipun kaliyan pawartos bab pers;
  • Ngrembakakaken komunikasi ing antawisipun pers, masarakat, lan pamaréntah;
  • Paring fasilitas dhateng organisasi- organisasi pers kanggé nyusun peraturan- peraturan ing babagan pers lan ningkataken kualitas profesi wartawan;
  • Ndhata perusahaan pers.

Dewan Pers asipat swatantra lan boten wonten malih pérangan pamaréntah wonten ing struktur organisasinipun.

Anggotanipun

Miturut Pasal 15 ayat (3) Undang-Undang Pers [1] , anggota Dewan Pers dipunpilih kanthi demokratis saben tigang taun sapisan. Anggota Dewan Pers kapérang dados:

  • wartawan ingkang dipunpilih déning organisasi wartawan;
  • Pimpinan perusahaan pers ingkang dipunpilih déning organisasi perusahaan pers; lan
  • Tokoh masarakat, ahli ing babagan pers lan utawi komunikasi, lan babagan sanèsipun ingkang dipunpilih déning organisasi wartawan lan organisasi perusahaan pers.

Kangge kalamangsa taun 2010- 2013, anggota Dewan Pers inggih punika:

  1. Prof. Dr. Bagir Manan, S.H., M.C.L. (unsur tokoh masarakat)
  2. Ir. Bambang Harymurti, M.P.A. (unsur wartawan)
  3. Agus Sudibyo, S.I.P. (unsur tokoh masarakat)
  4. Drs. Anak Bagus Gde Satria Naradha (unsur pimpinan perusahaan pers)
  5. Drs. Bekti Nugroho (unsur wartawan)
  6. Drs. Margiono (unsur wartawan)
  7. Ir. Muhammad Ridlo ‘Eisy, M.B.A (unsur pimpinan perusahaan pers)
  8. Wina Armada Sukardi, S.H., M.B.A., M.M. (unsur tokoh masarakat)
  9. Ir. Zulfiani Lubis (unsur pimpinan perusahaan pers)

Struktur Kelembagaan

Dewan Pers kapérang dados 7 komisi supados saged nindakaken fungsinipun kanthi saé.

Pratélan Ketua Dewan Pers

Kangge kalamangsa 1968 - 1999 taksih sareng MEntri Penerangan ingakng njabat kanthi ex-officio

Katerangan liyané No, Nama ...
NoNamaMulai JabatanAkhir Jabatan
1Laksda TNI Boediardjo19681973
2Mashuri, S.H19731978
3Ali Murtopo19781983
4Harmoko19831997
5R. Hartono19971998
6Alwi Dahlan19981998
7Letjen. TNI Yunus Yosfiah19981999
Tutup

Sasampunipun 1999 dados Dewan Pers ingkang independen

Katerangan liyané No, Nama ...
NoNamaMulai JabatanAkhir Jabatan
1Atmakusumah Astraatmadja20002003
2Prof. Dr. Ichlasul Amal, MA20032010
3Prof. Dr. Bagir Manan, S.H., M.C.L.20102013
Tutup

Uga delengen

  • Pratélan Badan lan Komisi ing Indonésia
  • Badan Arbitrase Nasional Indonésia

Cathetan suku

Rujukan

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.