From Wikipedia, the free encyclopedia
Présidhèn Republik Indonésia ya iku kepala negara lan kepala pamaréntahan Republik Indonesia. Présidhèn uga mimpin cabang eksekutif pamaréntahan Indonésia lan dadi komandhan paling dhuwur ing Tentara Nasional Indonésia. Wiwit taun 2004, presiden lan wakil presiden dipilih langsung dening rakyat kanthi masa jabatan 5 taun saben periode. Sawise dipilih kaping pindho dening rakyat, presiden ora pareng nyalonake maneh.
Sistem kepresidenan dirumusake ing UUD 1945 dening Badan Penyidik Usaha Persiapan Kamardikan Indonesia (BPUPKI), sing dibentuk nalika jaman penjajahan Jepang tanggal 1 Maret 1945 kanggo nindakake kagiyatan kang ana gegayutane karo “Usaha Persiapan Kamardikan Indonesia”.[1 ] Tanggal 18 Agustus 1945, Panitia Persiapan Kamardikan Indonesia (PPKI) kang kabentuk kanggo ngganti BPUPKI, ngangkat Soekarno dadi Présidhèn Republik Indonésia kang kapisan lan kanthi mangkono wenang mbentuk lembaga kepresidenan Indonésia.
No | Asma | Wiwitan Masa Bakti | Serah Terima Masa Bakti | Parté |
1 | Dr. Ir. Soekarno | 17 Agustus 1945 | 12 Maret 1967 | Parté Nasional Indonésia (PNI) |
2 | Jen. (Purn.) Soeharto | 12 Maret 1967 | 21 Mèi 1998 | Golongan Karya |
3 | Prof. Dr. Dipl. Ing. B. J. Habibie | 21 Mèi 1998 | 20 Oktober 1999 | Golongan Karya |
4 | Abdurrahman Wahid | 20 Oktober 1999 | 23 Juli 2001 | Parté Kebangkitan Bangsa (PKB) |
5 | Megawati Soekarnoputri | 23 Juli 2001 | 20 Oktober 2004 | Partai Demokrasi Indonesia Perjuangan (PDI-P) |
6 | Jen. (Purn.) Susilo Bambang Yudhoyono | 20 Oktober 2004 | 20 Oktober 2014 | Parté Dhémokrat (PD) |
7 | Joko Widodo | 20 Oktober 2014 | 20 Oktober 2024 | Partai Demokrasi Indonesia Perjuangan (PDI-P) |
8 | Jen. (Purn.) Prabowo Subianto | 20 Oktober 2024 | (2029) | Partai Gerakan Indonesia Raya (Gerindra) |
Non-partisan Golkar Parté Kebangkitan Bangsa Partai Demokrasi Indonesia Perjuangan Parté Persatuan Pembangunan Parté Dhémokrat Parté Gerindra
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.