Cènggèr pithik (Celosia Cristata) ya iku tuwuhan tamba samangsa saka kulawarga Celisia. Tetuwuhan iki diarani cènggèr pithik amarga wujudé mèmper cènggèr pithik. Wit iki dhuwuré 60-90 cm lan galihé kandhel. Godhongé lansét selang-seling kang dawané 5-12 cm lan ambané 3-6 cm sarta warnané ijo ana slèrèt nila. Kembangé warna abang, kuning, wungu, lan nila. Tuwuhan iki padatan ditandur ing pakarangan minangka pethètan.[3]
Cènggèr pitik | |
---|---|
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Klad: | Tracheophyta |
Klad: | Angiospermae |
Klad: | Eudikotil |
Ordho: | Caryophyllales |
Famili: | Amaranthaceae |
Subfamili: | Amaranthoideae |
Génus: | Celosia |
Spésies: | C. argentea |
Jeneng binomial | |
Celosia argentea (L.) Kuntze[1] | |
Sinonim | |
Kembang cènggèr pithik duwé kandhutan saponin, flafonoid lan polifenol kang bisa kanggo tamba ambèyen, lan nyuda rabun ing mripat. Carané ya iku ditèmplèkaké ing pérangan awak kang lara.
Wikiwand in your browser!
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.