Cnidaria

From Wikipedia, the free encyclopedia

Cnidaria
Remove ads

Cnidaria iku divisi saka kingdom animalia [5]. Dijenengi Cnidaria amarga kéwan iki duwé sel knidoblast kang isiné organel antup.[6] Ana paling ora 10.000 spésies melbu ing filum Cnidaria.[6] Akeh-akèhé spésies kang lumebu ing filum iki uripé ing laut.[6] Ana sapérangan Cnidaria kang uripé dhéwékan utawa soliter lan sebagiéyan manèh uripé koloni.[6] Cnidaria mung duwé bolongan siji kang gunané kanggo tutuk lan kanggo anus.[6] Cnidaria njupuk buruané nganggo téntakelé.[6] Rupane Cnidaria iku ana loro kang kapisan iku polip lan kaping pindho iku médhusa.[6] Polip iku maksudé rupané kaya tabung lan duwé cangkem ing pérangan dorsal kang ana tentakelé, cangkeme ana ing sisih ngisor.[6] Médhusa iku maksudé rupané kaya cakram lan diubengi tentakel.[6]

Sunyata Rikat Klasifikasi ngèlmiah, Subphyla and classes ...
Remove ads

Jinisé Cnidaria

  • Hydrozoa : akèh-akéhé Hydrozoa urip ing laut lan cara uripé kelompokan utawa koloni. Contoné hydrozoa iku Hydra.[6]

Hydra ya iku Hydrozoa soliter (urip dhéwé-dhéwé) sing uripé ing banyu tawa.

  • Scyphozoa : Scyphozoa iku asalé saka tembung skyphos kang artiné tutup lan zoon kang artiné kéwan. Contoné Scyphozoa iku Aurelia Aurita utawa uwur-uwur.[7]
  • Anthozoa : Anthozoa iku asalé saka tembung Anthos kang artiné kembang lan zoon kang artiné kéwan. Dadi arti Anthozoa iku kéwan kang kaya kembang. Contoné Anthozoa iku Anemon llaut lan kembang-kembang karang.[7]
Remove ads

Cathetan suku

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads