From Wikipedia, the free encyclopedia
Budi Sudarsono (lair ing Kediri, Jawa Wétan, 19 Sèptèmber 1979; umur 45 taun) inggih punika salah satunggalipun paraga bal-balan ingkang dados piandelipun tim nasional (timnas) Indonésia.[1] "Gocekan maut" Budi Sudarsono dados momok kanggé mengsah-mengsahipun ingkang dipunadhepi ing salebetipun lapangan.[1] Panjenenganipun dipunpitados mlebet ing timnas kanggé main wonten ing kajuwaran Piala Asia nalika taun 2004.[1] Panjenenganipun saged nglebetaken gol nalika mengsah Qatar.[1]
Katerangan priangga | |||
---|---|---|---|
Jeneng dawa | Budi Sudarsono | ||
Dhuwur | 174 cm (5 ft 9 in) | ||
Posisi main | Penyerang | ||
Katerangan klub | |||
Tim saiki | Sriwijaya FC | ||
Karir sénior* | |||
Taun | Tim | Main (Gul) | |
1999-2000 2000-2001 2001-2002 2003-2004 2005-2007 2008 2008 2008-2009 2009-2010 2010- |
Persebaya Persija Deltras Persija Jakarta Persik PDRM Persik Sriwijaya FC Persib Sriwijaya FC |
28 (15) 19 (5) 32 (19) 12 (6) 69 (18) ? (?) ? (?) ? (?) 16 (2) | |
Tim nasional‡ | |||
2001- | Indhonésia | 35 (10) | |
* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi. |
Budi gadhah asma paraban (jejuluk) ingkang misuwur inggih punika "budigol" utawi si "ular phyton".[1] Asma paraban punika amargi saking gaya mainipun Budi ingkang saged damel bombonging manah lan damel gumun kanggé sinten kemawon ingkang mirsani.[1] Budi kalebet satunggalipun panyerang ingkang gadhah sipat "oportunis" lan sagend manpaataken saalit-alitipun peluang.[1] Budi gadhah satunggal kekirangan, inggih punika kirang saged ngontrol emosinipun.[1]
Panjenenganipun naté mbela klub bal-balan Deltras Sidoarjo, Persija Jakarta, kaliyan Persik Kediri.[2] Sapunika Budi Sudarsono main ing klub Sriwijaya FC.[2]
Sakpurnanipun Liga Indonésia 2007, Budi nyobi ndhèrèk klub bal-balan Malaysia inggih punika nalika panjenenganipun nggabung kaliyan klub PDRM (Polis Diraja Malaysia), klub anggota Liga Super Malaysia.[2] Budi dipunkontrak 4 sasi kanthi regi kontrak sakitar Rp 800 juta.[2] Nalika main wonten ing klub punika Budi saged damel 3 gol, 2 gol dipuncetak nalika debutipun kaliyan PDRM wonten ing ajang FA Malaysia mengsah KOR RAMD kanthi sekor pungkasan 5-1 kanggé kamenanganipun PDRM.[2] Salah satunggal golipun dipundamel ing Liga Super Malaysia inggih punika nalika mengsah Perak FC, gol kapisan ingkang boten saged menangaken timipun Budi, nalika samanten PDRM kalah kanthi sekor 5-1.[2]
Sasampunipun dipunampil déning Sriwijaya FC lan telas kontrakipun ing klub Persik Kediri, Budi lajeng dipunkontrak klub Persib ing mangsa 2009-2012 Liga Super.[2]
Sawise ora dadi pemain bal maneh saiki Budi Sudarsono banting setir menyang bidhang liyane, kaya ta ing Pemilu kepungkur dheweke maju dadi caleg ing Kedhiri.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.