From Wikipedia, the free encyclopedia
Boris Nikolayevich Yeltsin (IPA: [bʌˈrʲis nʲikoˈlajevɨtɕ ˈjelʲtsɨn], Ruslan: Бори́с Никола́евич Е́льцин) (1 Fèbruari 1931-23 April 2007) tampil sepindhah kanggé posisi Présidhèn Federasi Ruslan, njabat taun 1991-1999. Panjenenganipun miyos ing Sverdlovsk (sapunika Yekaterinburg), Républik Sovyèt Ruslan, Uni Sovyèt lan présidhèn Ruslan samangsa pasca Uni Sovyèt.
Boris Nikolayevich Yeltsin Борис Николаевич Ельцин | |
---|---|
Présidhèn Federasi Ruslan Sepindhah | |
Linggih 10 Juli 1991 – 31 Dhésèmber 1999 | |
Wakil Présidhèn | Alexander Rutskoy (1991–1993) Jabatan ditiadakan |
Kang sadurungé | Boten wonten (dipunlantik minangka Présidhèn Ruslan sasampunipun Uni Sovyèt bibar lan pamimpin pungkasan Uni Sovyèt Mikhail Gorbachev lèngsèr saking jabatanipun) |
Kang sawisé | Vladimir Putin |
Rerincèn dhiri | |
Lair | 1 Fèbruari 1931 Butka, Sverdlovsk, Ruslan SFSR |
Pati | April 23, 2007 76) Moskow, Ruslan | (umur
Bangsa | Ruslan |
Sisihan | Naina Yeltsina |
Agama | Atheisme[1][2] |
Tandha tangan |
Éra Yeltsin punika mangsa dramatis salebetipun sajarah Ruslan — periode ingkang dipuntengeri kanthi éwah-éwahan pulitik révolusioner, dhémokrasi-sesarengan kaliyan wontenipun masalah ageng pulitik lan sosial, setunggil ing antawisipun inggih punika korupsi ingkang ngrajalela lan binuka.
Ing wulan Juni 1991 Yeltsin minggah takhta sesarengan kaliyan gelombang pangajeng-ajeng ingkang inggil dhemi réformasi pulitik lan kakuciwan kaliyan kakuwaosan kuminis.
Tanggal 12 Juni Yeltsin dipunpilih minangka présidhèn Républik Sosialis Sovyèt Ruslan ingkang dipunbentuk dados fédherasi kanthi 57% saking swantun, dados présidhèn sepindhah ingkang dipunpilih kanthi langsung ing sajarah Ruslan.
Ing wulan Agustus 1991, Yeltsin pikantuk pangalembana internasional amargi panjenenganipun kanthi kendel lan minangka satunggiling dhémokrat saged nglawan usaha kudhéta ingkang dipunlampahi déning kaum kuminis garis keras. Perkawis punika ing pungkasanipun mbeta ancuripun kuminisme nanging ugi ancuripun Uni Sovyèt, nanging ndadosaken Yeltsin minangka tiyang paling kiyat ing Kremlin.
Émanipun panjenenganipun piyambak dados satunggiling autokrat otoritèr lan boten naté pikantuk malih popularitasipun lan panjenenganipun nilar kalungguhan nalika tanggal 31 Dhésèmber 1999 minangka tiyang ingkang dipunsengit. Panjenenganipun dipungantosaken déning Vladimir Putin.
Panjenenganipun tilar donya tanggal 23 April 2007 amargi gagal jantung.
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Борис Николаевич Ельцин. |
Kang sadurungé Oleg Lobov |
Mahamantri Ruslan 1991–1992 |
Kang sawisé Yegor Gaidar |
Kang sadurungé Boten wonten |
Présidhèn Ruslan 1991-1999 |
Kang sawisé Vladimir Putin |
Cithakan:PamimpinRuslan
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.