Basa Yami
sawijining basa Austronesia ing Taiwan From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Basa Yami (Basa Cina: 雅美), uga diarani basa Tao, iku sawijining basa Melayu-Polinésia. Basa iki anggotaning kontinum dhialèk Iwatan sing dicaturaké déning wong Yami sing dumunung ana ing Pulo Anggrèk, 46 kilomèter kidul-wétaning pulo utamaning Taiwan. Basa Yami uga karan ciriciring no Tao utawa "caturaning manungsa" déning panyatur asliné.[1]
Basa Yami iku siji-sijiné basa aslining pribumining Taiwan sing dudu anggota kulawarga basa Formosa, nanging kalebu sajeroning kulawarga basa Batan sing tinemu saloring nagara Filipina.
Remove ads
Fonologi
Basa Yami nduwé 20 uni wyanjana lan 4 uni swara:[2]
- Uni wyanjana (sajeroning aksara Yami)
- Uni andhegan: ⟨p, b, t, d, k, g, '⟩
- Uni frikatif: ⟨v, s, h⟩ (⟨s⟩ is retroflex)
- Uni anuswara: ⟨m, n, ng⟩
- Uni likuida: ⟨l, r⟩
- Uni afrikat: ⟨c, j⟩ (afrikat cethak)
- Uni geter: ⟨z⟩ (geter alvéolar)
- Uni luncuran: ⟨w, y⟩
- Uni swara
- ⟨a, e, i, o⟩ (e swara madya-tengah)
Basa Yami Iraralay sing dicaturaké ana ing pasisir lor mbédakaké uni wyanjana dawa saka uni wyanjana cendhèk (kaya ta, opa 'pupu' lawan oppa 'babon' minangka sapasang minimal).[3]
Remove ads
Tembung kriya
Ana ngisor iki pratélan inflèksi tembung kriyaning basa Yami saka cathetaning Rau (2006: 135).
|
|
|
|
|
Remove ads
Rimbagan
Ana ngisor iki pratélan rimbaganing basa Yami saka cathetaning Rau (2006: 135-136).
- icia- 'wong sabarakan sanasib sarupa'
- ikeyangka 'luwih-luwih'
- iangka 'rumangsa ngono ngéné amarga...'
- iangka 'angka urutan'
- ipi- 'angka kapingan'
- ji a- 'négasi utawa mbangetaké'
- angka 'padha, sa-..., tembung aran niskala'
- angka 'banjur, nembé waé, namung'
- angka 'ater-ater tembung kriya statif minangka tembung kriya transitif'
- angka (dwilingga) 'temen'
- angka (dwilingga) 'kéwan sing dijuluki miturut cirèné'
- angka ... -an 'tembung aran umum'
- ma-... -en 'seneng nglakoni iki kaé'
- mapaangka 'éthok-éthok dadi iki kaé'
- mapi- 'nggawé iki kaé minangka pakaryan'
- mi-/mala- 'gegayutan kulawarga sing ngloro utawa nelu'
- miangka /mapiangka /ipiangka 'kabèh, siji-siji'
- mala- 'krasa utawa kaya...'
- mipa- 'sangsaya...'
- mipipa- 'malah luwih...'
- mapi-/mapa-/pa-... -en/ipa- 'rimbagan tembung kriya kausatif'
- ni- 'perfèktif'
- ni-... na 'malingké (superlatif)'
- noangka 'kapungkur'
- noma- 'mbésuk (adoh)'
- sicia- 'saiki'
- sima- 'mbésuk (cedhak)'
- tey- 'panujon'
- tey- 'banget'
- tey- (dwilingga) 'cacahing saben iji
Logat
Tembung kognat karo kulawarga basa Filipina
Tembung silihan basa Jepang
Tembung silihan basa Cina
Remove ads
Cathetan suku
Rujukan
Pranala njaba
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads
