Basa Dari

From Wikipedia, the free encyclopedia

Basa Dari atawa basa Pérsi-Dari, Pérsi-Afghan, ya iku dialék basa Pèrsi kang dituturnang ning Afghanistan. Basa iki dadi salah siji sing rong basa resmi Afghanistan, séjéné ya iku Basa Pashtun [1]. Tembung Dari iku asalé sing dar kang tegesé basa karajan ning jaman Karajan Sasaniyah[2]. Susunan wyakarana basaé ampir pada karo basa Pèrsia ning Iran[3]. Minangka nagara dwibasa, basa Dari duwé posisi kang dominan tinimbang basa Pashtun. Akéh tulisan-tulisan modern kaya déné sastra iku ditulis nganggo basa Dari sanajan mayoritas Afghanistan iku suku Pasthun[1]. Nyebaré basa Dari ning nagara iku amarga nyebaré wong kang nganut agama Zoroastrian sing Iran. Penganut Zoroastrian kang rata-rata wong Pérsi iku ngadegnang désa-désa ning Qasémabad, Afghanistan. Wong Pérsia muslim liyané uga sumebar ning wewengkon kono, sesanding karo wong Pérsia Zoroastrian. Sedurungé jaman Islam, wong Afghanistan uga wis ana gayutan karo karajan Pérsia kuna. Mulané iku, basa Dari iku wis kaya basa linguafranca ning wong Pashtun Afghan[4].

Sunyata Rikat Dari, دری ...
Dari
دری
Dari.png
Pronunciation Cithakan:IPA-prs
Dituturaké ing Afghanistan
Gunggung panutur 1.250 million
Rumpun basa
Sistem tulisan Persian alphabet
Status resmi
Basa resmi ing  Afghanistan
Regulated by Academy of Sciences of Afghanistan
Kodhe basa
ISO 639-1 None
ISO 639-2
ISO 639-3 variously:
prs  Dari, Afghan Persian
aiq  Aimaq
haz  Hazaragi



Tutup

Minangka basa sastra

Ning wewengkon nagara Afghanistan, basa Dari wis kawentar dadi basa pengantar sastra[5]. Amarga iku akèh keding karya sastra kang dicipta ning kana.  Sebab dadi basa sastra amarga basa Dari uga dari basa lingua franca lan duwé sajarah kang suwé. Karya sastra Dari kang kawentar ya iku Shahnaméh kang ditulis karo Ferdouwsi. Déwéké dadi salah siji sastrawan Pérsi kang paling kawentar. Uga ana Rubayyat déning Umar Khayam. Ning kalangan wong-wong Éropa, Umar Khayam uga dadi sastrawan kang disenengi[5]. Ning isor iki pratélan sastrawan Dari-Pérsi[6][7]:

Counted according to sources from these Internet sites[6][7]

Katerangan liyané Aran Sastrawan Pérsi, Abad ...
Aran Sastrawan PérsiAbadIranTuranParsi (Persian)Farsi (arabisasi)Dari (basa karajan)Khorasan Raya Pahlavi Persia Pertengahan
Rudaki9th lan 10th16
Farrukhi Sistani9th 10th16115 Parsa’i101
Abū-Sa'īd Abul-Khayr10th12
Ferdowsi10th and 11th800 +150 +100+22529
Asadi Tusi11th51511 loghat ye fors =
Masud Sa'd Salman11th23219Nazm o Nassr Dari13
Manuchehri11th534
Fakhruddin As'ad Gurgani11th151012 Parsa’i21283
Nasir Khusraw11 th11192792
Mahsati11th and 12th11
Anwari12th1332120
Khaqani12th21412 Nazm e Dari40180
Nizami Ganjavi12 th372123 Nazm lan Dastan256
Amir Khusrow13 th 14th27613
Saadi Shirazi13th116+7
Rumi13 th 14th11296
Hafez14th692 Nazm ye Dari
Ubayd Zakani14th1141
Muhtasham Kashani16th12934
Saib Tabrizi17th10735
Muhammad Iqbal19th-séda 193819431 Tarz e1
Parvin Etesami19th/séda 19412Parsa’i
Tutup

Pengaruh basa Dari

Basa Dari duwé pengaruh akèh ning daérah Asia Kidul, ya iku ning wewengkon Karajan Mughal lan Kesultanan Bengal[8]. Karajan-karajan iki nganggo basa Persi-Dari minangka basa resmi karajan. Amarga iku, akèh tulisan basa Dari ning India.  Lan basa Urdu, Punjabi, lan Bengal uga kena pengaruh sing basa Dari Persi[8].

Rujukan

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.