From Wikipedia, the free encyclopedia
Basa Cebuano, kang asring kurang trep diarani déning panyaturé dhéwé minangka basa Bisaya ("Visaya"; aja kuwalik karo basa-basa Visaya), iku salah sawijiné basa Austronésia enggon-enggonan kang dipituturaké ing nagara Filipina déning kira-kira wong 20 yuta. Panyaturé akèh-akèhé saka wong Visaya Cebuano.[1] Basa iki kang akèh dhéwé panyaturé sajeroné kulawarga basa Visaya lan seduluran karo basa-basa Filipina liyané.
Cebuano | ||
---|---|---|
Sugbuanon, Bisayâ, Bisayâng Sugbuanon, Sinugbuanong Binisayâ, Sinibwano | ||
Dituturaké ing | Filipina | |
Wilayah | Visayas Tengah, wétan Pulo Negros, kulon Visayas Wétan, kidul Masbate, lan mayoritas Mindanao | |
Gunggung panutur | 21,1 yuta | |
Rumpun basa | ||
Sistem tulisan | Aksara Latin (Alpabèt Cebuano) Braille Cebuano Baybayin (biyèné) | |
Status resmi | ||
Basa resmi ing | Basa enggon-enggonan ing Filipina | |
Regulated by | Akadhemi Seni lan Sastra Visaya | |
Kodhe basa | ||
ISO 639-1 | None | |
ISO 639-2 | ceb | |
ISO 639-3 | ceb | |
Laladan panyatur basa Cebuano ing Filipina | ||
|
Sanajan ora diajaraké ing sekolah lan universitas nganti taun 2012, basa iki tetep dadi basa kang akèh dhéwé panyatur asliné ing Filipina.[2] Basa Cebuano minangka lingua franca ing Visaya Tengah, wétan Pulo Negros (mligi Negros Oriental), kulon Visaya Wétan, lan manéka laladan ing Mindanao. Jeneng Cebuano dhéwé dijupuk saka jeneng Pulo Cebu, kang dadi asal mulané basa iki.[3][4] Basa Cebuano uga dadi basa pokok ing Leyte Kulon, mligi kutha Ormoc lan tlatah-tlatah saubengé, sanajan dijenengaké basa "Ormocanon" ing Ormoc lan basa "Albuerahanon" ing Albuera.[5] Kodhe basa Cebuano iku ISO 639-2 kang nganggo telung huruf ceb, nanging dudu ISO 639-1 kang nganggo rong huruf.
Basa Cebuano dipituturaké ing pulo-pulo kaya ta Cebu lan pulo saubengé, Bohol lan Siquijor, wétan Negros (mligi saindengé Negros Oriental lan lor-wétan Negros Occidental), kidul Masbate, kulon Leyte, Biliran, sapérangan cilik Samar, lan manéka laladan ing Mindanao, pulo gedhé dhéwé nomer loro safilipina.[3] Saliyané iku, "kang dedunung ing Zamboanga, Davao, lan Cotabato uga panyatur basa Cebuano".[3] Sawenèh dhialèk Cebuano duwé jeneng kang rena-rena kanggo basa iki. Panyatur saka Cebu ngarani basané "Cebuano", panyatur saka Bohol ngarani "Boholano/Bol-anon", déné panyatur saka Leyte ngarani Kana (Cebuano Leyte utawa Leyteño). Panyatur ing Mindanao lan Luzon ngarani basané sadarma Binisaya utawa Bisaya.[5]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.