Baktèri, saka tembung Latin bacterium (jamak, bacteria), iku golongan raseksa saka organisme urip. Baktèri iku cilik banget (mikroskopik) lan akèh-akèhé unisèlular (sèl tunggal), kanthi struktur sèl sing rélatif prasaja tanpa nukleus/inti sel, cytoskeleton, lan organel liya kaya mitokondria lan kloroplas. Struktur sèl baktèri dijlentrèhaké luwih pepak sajeroning artikel ngenani prokariota, amarga baktèri minangka prokariota, kanggo mbédakaké saka organisme sing duwé sèl luwih komplèks, diarani eukariota. Jeneng "baktèri" wis ditrapaké kanggo kabèh prokariota utawa kanggo golongan gedhéné, gumantung marang panyaru ngenani gayutané.

Sunyata Rikat Bakteri Kalamangsa: Cithakan:Long fossil range, Klasifikasi ngèlmiah ...
Bakteri
Kalamangsa: Cithakan:Long fossil range
Thumb
Escherichia coli, salah sawijining bakteri berbentuk batang
Klasifikasi ngèlmiah
Dhomain: Bacteria
Woese et al., 1990[1]
Filum[2]
  • Gram positif

Actinobacteria (G+C tinggi)
Firmicutes (G+C cendhèk)
Tenericutes (ora ana dinding)

  • Gram négatif

Aquificae
Bacteroidetes/FibrobacteresChlorobi (grup FCB)
Deinococcus-Thermus
Fusobacteria
Gemmatimonadetes
Nitrospirae
PlanctomycetesVerrucomicrobia/Chlamydiae (grup PVC)
Proteobacteria
Spirochaetes
Synergistetes

  • Tidak diketahui

Acidobacteria
Chloroflexi
Chrysiogenetes
Cyanobacteria
Deferribacteres
Dictyoglomi
Thermodesulfobacteria
Thermotogae

Sinonim

Eubacteria Woese & Fox, 1977[3]

Tutup

Baktèri iku sing paling akèh saka kabèh organisme. Baktèri kasebar ing lemah, banyu, lan minangka simbiosis saka organisme liya. Akèh patogen wujud bakteri. Akèh saka baktèri, padatan ukurané mung 0,5-5 μm, sanajan ana jinis sing ukurané bisa nganti 0,3 mm ing dhiamèteré. Padatan duwé dinding sèl kaya ta kéwan lan jamur, nanging kanthi komposisi béda banget (peptidoglikan). Akèh obah nganggo flagela sing béda ing struktur saka flagela golongan liya.

Baktèri patogen

Minangka golongan bakteri parasit sing nimbulaké lelara ing manungsa, sato kéwan lan tetuwuhan.

Baktèri jalaran lelara ing manungsa:

Katerangan liyané No., Jeneng baktèri ...
No. Jeneng baktèri Lelara sing ditimbulaké
1. Salmonella typhosa Tipes
2. Shigella dysenteriae Disentri basiler
3. Vibrio comma Kolèra
4. Haemophilus influenza Influensa
5. Diplococcus pneumoniae Pneumonia (radhang paru-paru)
6. Mycobacterium tuberculosis TBC paru-paru
7. Clostridium tetani Tétanes
8. Neiseria meningitis Meningitis (radhang selaput polo)
9. Neiseria gonorrhoeae Gonorrhaeae (kencing nanah)
10. Treponema pallidum Sifilis utawa Lues utawa raja singa
11. Mycobacterium leprae Lépra (kusta)
12. Treponema pertenue Puru utawa pathèk
Tutup

Baktèri jalaran lelara ing kéwan:

Katerangan liyané No., Jeneng baktèri ...
No. Jeneng baktèri Lelara sing ditimbulaké
1. Brucella abortus Brucellosis ing sapi
2. Streptococcus agalactia Mastitis ing sapi (radang payudara)
3. Bacillus anthracis Antraks
4. Actinomyces bovis Bengkak rahang ing sapi
5. Cytophaga columnaris Lelara ing iwak
Tutup

Baktèri jalaran lelara ing tetuwuhan:

Katerangan liyané No., Jeneng baktèri ...
No. Jeneng baktèri Lelara sing ditimbulaké
1. Xanthomonas oryzae Nyerang pucuk wit pari
2. Xanthomonas campestris Nyerang tuwuhan kubis
3. Pseudomonas solanacaerum Lelara alum sajeroning famili térong-térongan
4. Erwinia amylovora Lelara bonyok ing woh-wohan
Tutup

Uga delengen

  • Bakteri kokus

Réferènsi

Pratélan pustaka

Pranala njaba

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.