Remove ads
From Wikipedia, the free encyclopedia
Babilonia, ugi dipunsebat kutha Babel, Kutha (kabudayan-nagari) ingkang dumunung wonten tlatah Mesopotamia (sapunika tlatah nagara Irak), wonten tlatah Sumeria kaliyan Akkadia ingkang kutha krajanipun Babilonia.[1][2] Ingkang dipunjumenengaken déning raja Namrudz wonten tlatah Sumeria utawi Sumeria.[3][4] Tembung Babilonia saking abasa Ibrani,בָּבֶל-BABEL dipunjlentrehaken kanthi cara etimologi populer, kaliyan tetembungan ingkang sami, abasa Ibrani בָּלַל-BALAL utawi BAVEL, dipunartosaken tembung Babilonia bab-ili.[3] Jamak saking bah-ilani, ingkang dipunartosaken nganggé abasa Sumer kuna ka-dingir-ra,'pintu gerbang Allah' .[3] Abasa Mesir b-bi-r' (=bbr utawi bbl), abasa Pèrsi kuna babirus.[3] Nanging manawi dipunpriksani saking tembung asalipun (ingkang inti), Babilonia ugi sami kaliyan balal, 'kakacauan'.[4] Seratan wonten naskah-naskah Babilo-nia sapunika tin-tir (ki), 'urip tuwuhan-tuwuhan', utawi dipunartosaken 'papan urip' ; e-ki, papan terus-terusan'.[3] Miturut tradisi Babilonia, kutha mau diyasa déning déwa Marduk nuli dipunambrukaken Sargon +/-2350 SM nalika piyambakipun mendhet lemah wonten mriku kanggé yasa kutha ingkang énggal, inggih punika kutha Akkad.[3] Babilonia sampun wonten kala taun 1696-1654 SM.[1] Dipunjlentrehaken, manawa kutha punika dipunsebat kaping pisanan wonten tablet (barang Arkéologi) saking papréntahan Sargon Saking Akkad nalika Abad ka-23 SM (2300 SM).[1] Salajengipun dipunyasa papréntahan Neobabbilonia.[1] Raja Namrudz (2275-1943 SM), naté amaréntah supados damel Menara Babel (Tower of Babel) sadèrèngipun mangsanipun raja Nebukadnezar II (605-562 SM).[1] Miturut sanjangipun para sajarawan, nalika mangsanipun Nebukadnezar II Kutha Babilonia ngantos masa keemasan, kanthi raja punika njumenengaken Taman Gantung.[1] Masarakat Babilonia pitados, muja déwa Isthar kaliyan Shamash.[5]
Mesopotamia kuna |
---|
Eufrat • Tigris |
Kutha / Karajan |
Sumeria: Uruk • Ur • Eridu |
Kish • Lagash • Nippur |
Karajan Akkadia: Akkad |
Babilonia • Isin • Susa |
Asyur: Assur • Niniwe |
Dur-Sharrukin • Nimrud |
Babilonia • Khaldea |
Elam • Amori |
Hurrian • Mitanni |
Kassit • Urartu |
Kronologi |
Raja-raja Sumeria |
Dhaptar raja Asyur |
Dhaptar raja Babilonia |
Basa |
Aram |
Sumeria • Akkadia |
Elam • Hurria |
Mitologi |
Enûma Elish |
Gilgames • Marduk |
Kutha Babilonia ingkang dumunung wonten pinggir lèpèn Efrat (80 km saking kilenipun kutha Bagdad sapunika, Irak) kutha kang dados kutha krajan saka nagari Babel babagan prekawis pulitik kaliyan agama, uga kanggé kutha krajan saka karajan kaliyan kabudayan wonten tlatah mrika.[3]
Namanipun saking tembung Ibrani בָּבֶל-BABEL utawa BAVEL manawi dipunartosaken dados tembung Babilonia bab-ili. jamak saka tembung bah-ilani, ingkang dipunartosaken nganggé abasa Sumer saking mangsa ingkang langkung kuna ka-dingir-ra, ingkang suraosipun 'pintu gerbang Allah' .[3] Saking abasa Mesir b-bi-r' (= bbr utawa bbl), abasa Pèrsi kuna babirus.[3] Nama sanèsipun saged dados padanan tembung wonten naskah-naskah Babilo-nia ya iku tin-tir (ki), 'hidup pohon-pohon ' , tembung kalawau suraosipun 'papan kauripan' : e-ki, 'papan terus-terusan' .[3] שֵׁשַׁךְ-SESAKH saking Yeremia 25:26; 51:40.[3] Padatanipun diartosaken teka-teki ingkang tumuju Babel, wonten ingkang dipunanggap seski, tembung kang kadosipun boten asring dipunagem kaliyan sampun lawas sanget.[3]
Nalika jaman tablet Abu Salabik, sampun dipanggihi cathetan wonten tlatah Anatolia, Siria, Palestina, Mesir kaliyan Yunani.[3] Seratan asli utawi salinanipun wonten pabukon kraton Asyur, inggih punika wonten Asyur, Niniwe kaliyan Kalah.[3]
Wonten sastra punika kados ta 50 cariyos babagan tokoh-tokoh lami sarta dongèng-dongèng wonten Akad (ingkang sampun disalin déning tiyang Sumer, kaliyan intinipun babagan pangriptaan, banjir, peh) kinten-kinten taun 2800-2500 sM, sastra Babel sampun maju.[3] Sampun wonten bukti manawa para panyerat Semitis sampun nyerat seratan Sumer ingkang sepuh punika nganggé tekhnik sastra ingkang énggal.[3] Salaminipun jaman sastra, Babilonia angsal prabawa déning tlatah Timur Tengah, salinanipun sampun diangsal wonten Anatolia, Siria, Palestina, Mesir kaliyan Yunani.[3] Seratan asli utawi salinanipun diparingaken wonten pabukon karajan Asyur, inggih punika wonten Asyur, Niniwe kaliyan Kalah.[3]
Karya sastra punika wonten 'Sastra Hikmat' kaya ta karangan babagan 'manungsa kaliyan déwa', babagan tiyang ingkang dipunsebat 'Ayub saking Babel' tludiul bet nemeqii, katerangan donya, pambicaraan, dialog, ajar-ajar praktis, amsal, paribasan, cariyos, cathetan-cathetan alit, kidung kasmaran.[3] 'Sastra agama' kaya ta mazmur, kidhung rohani kaliyan donga-donga dhumateng para déwa kaliyan para raja, nalika upacara.[3] Mantera, nuli pratélan-pratélan seratan ingkang dèrèng dipanggihi ngantos sapunika.[3] 'Sastra ilmiah' kados ta ngèlmu kadhokteran (prognosa, diagnosa, resep, buku sekolah babagan obat, bedhah kaliyan kéwan), ngèlmu kimia (kados ta babagan kepripun damel lingsa wangi kaliyan kaca).[3] géologi (pratélan nama watu, warna kaliyan kuwatipun), ngèlmu nuduh, botani (pratélan tetuwuhan kaliyan obat bius), zoologi (pratélan kéwan), wonten naskah bababan matematika kaliyan pratélan angka-angka, astronomi (pratélan sasi ingkang kedah dipuntambahaken wonten kalender supados sami kaliyan obahan saking surya kaliyan rembulan.[3]
Wonten Babel riwayat sajarah sampun saé, kutipan saking riwayat punika wonten salebetipun sastra sanès, kados ta gurit, wangsa kaliyan kalender lintang.[3] Kumpulan hukum-hukum ingkang asalipun saking raja Esynunna, Hammurabi, saged dipunbanding kaliyan saprampatyuta naskah sanèsipun seratan, dhokumèn legal, administratif, ékonomi saking Jaman 3000-300 sM.[3] Sesampunipun abad 4 sM, wonten parkembangan wonten ngèlmu babagan peta lintang kaliyan rasi sarta seratan wonten tablet lemah ingkang ngange hurup Yunani, kaliyan bahan-bahan seratan sanèsipun.[3]
Wiwiti taun 3000 sM sampun wonten asma para déwa kaliyan embelipun, asma-asma tambahan, kaliyan kuil-kuil.[3] Meski wonten pratélan paling akir saking Niniwe tarikh abad 7 sM nyerat langkung saking 2.500 cacahipun, Kathah déwa-déwa ingkang kapanggih saking Sumeria kuna ingkang dipendhet saking tiyang Semit sesampunipun dinasti kaping pisan saking Babel (watara 1800 sM), saéngga cacahipun ingkang leres saking para déwa ingkang dipunsembah wonten jamanipun boten patos kathah.[3] Wonten tiyang ingkang saged nyepeng para setan jahat utawa nyanyi mantera kados kidung-kidung utawi cara-cara ingkang diserat wonten ayat-ayat (surpu; maglu) utawi kaliyan lambang-lambang (kuppuru).[3]
Wonten déwa Anu (abasa Sumer An), yapunika déwa langit, kaliyan déwa kuil kaping pisanipun E.anna wonten Uruk.[3] Yapunika 'El saking bangsa Semit, kaliyan garwanipun, Innana utawi Innin ingkang dipunrusak déning Isytar.[3] Sinkritistis ingkang sami dipanggihi uga babagan Enlil.[3] Déwa udara, sipat-sipatipun nuli dipunwenehaken dhateng Bel (Baal) kaliyan Marduk ('ME-RODAKH).[3] Garwanipun ingkang namanipun Ninlil utawa Ninhursag nuli dipunsamiaken kaliyan Isytar uga.[3] Déwa kaping 3 saking para déwa ingkang paling inggil inggih punika Ea (abasa Sumer Enki) , déwa kabijaksanan, kuilipun E.abzu, wonten tlatah Eridu kaliyan garwanipun ingkang namanipun Dam-gal, Nin-mah utawi Damkina, garwa agung saking bumi kaliyan langit.[3]
Déwa ingkang migati sanèsipun inggih punika Isytar.[3] déwa bangsa Semit, mula-mula kadosipun déwa lanang (abasa Arab 'Athtar).[3] Nanging, amargi diwenehaken kakuasan Innana ugi kanthi cara sinkritis.[3] Isytar dados dewi ingkang utama saking cinta kaliyan pahlawan perang ugi dipunanggap putri saking Sin.[3] Sin, déwa rembulan saking Babel (abasa Sumer su'en) dipunsembah bebarengan kaliyan garwanipun, Ningal wonten kuil-kuil tlatah Ur kaliyan Haran.[3] Dicariyosaken manawa Sin punika putra Anu saking Enlil.[3] Shamasy, ingkang garwanipun Aya ugi dipunanggap wentuk saking Isytar, sapunika surya ingkang dados kakuwatanipun (abasa Sumer utu).[3] putra Sin, déwa kakuwatan, kaadilan kaliyan perang.[3] Kuil-kuilipun ingkang utama (E. Babbar, 'griya Surya') wonten tlatah Sippar kaliyan Larsa.[3]
Adad, ingkang saking Semit Kulon, inggih punika déwa badai, Addu utawi Hadad saking Kanaan.[3] Nergal kaliyan garwanipun, Ereski-gal, amarintah donya andhap, tuan saka wabah (Irra), demam kaliyan lelara sanèsipun.[3] Amarga bangsa Amori ingkang tambah ageng, mula panyembahan dhateng Marduk (abasa Sumer amar'ut, 'sapi enom saka surya'), putra sulung saking Enki, dados migati wonten Babilonia.[3] ' Nabu, déwa saking ngèlmu pangatahuan kaliyan sastra, gadhah kuil (E-zida) wonten kutha NEBO, NINIWE,KALAH.[3] Kathat déwa ingkang migati saking tlatah-tlatah tartamtu.[3] Ugi déwa Asyur (an.sar: dados déwa nasional saking Asyur, Amurru (martu, 'kulon') ingkang disamikaken kaliyan déwa Anu, Sin kaliyan Adad, inggih punika déwa saking Semit kulon kados ta Dagon.[3] Dummuzi inggih punika déwa saking pertumbuhan.[3] Ninggalipun, nanging sanès kabangkitanipun, dados bahan saking mitos Isytar.[3] Ninurta punika déwa saking Babel kaliyan Asyur babagan perang kaliyan pamburuan.[3]
Wonten Babilonia kathah pelayan kuil kaliyan tingkatanipun, para raja utawi papréntahan ingkang dados pamimpin paling inggil nalika parayan wonten kagiyatan tartamtu.[3] Nalika jaman Sumer kuna sadaya padamelan dipunwontenaken wonten ing kuil, kaliyan tiyang ingkang angadhahi drajat ingkang inggil (mu).[3] Wonten upacara nyembah Sin, imam agungipun inggih punika putra raja.[3] Kepala imamipun (imahhu) gadhah imam ingkang kathah (tsongu).[3]
Tiyang ingkang gadhah padamelan kanggé muja para déwa-déwa liwat kalbu.[3] Kabaktian-kabaktian ingkang sampun asring (dullu) kados ta menehaken kurban kanggé para déwa kanggé didahar menapa dipununjuk.[3] Patung-patung diagemaken rasukan, benda-benda ingkang dados nazar diwenehaken wonten caketipun.[3] Kurban-kurban ingkang badhé didadosaken nazar dipunparingaken wonten inggilipun mezbah.[3]
Kutha kaliyan kuil angadhahi parayaan piyambak-piyambak kaliyan dinteb-dinten suci ingkang mligi.[3] Wonten Babel, Erekh, Ur, kados ta wonten Asyur, Niniwe kaliyan tlatah Kalah, parayaan Taun Enggal takitu, punika parayaan ingkang paling ageng: pista punika dirayakaken wonten mangsa rontok, nanging angsal ugi dipunlakksanakaken wektu sanès, kaliyan macam-macam upacara wonten pusat-pusat nalika jaman-jaman ingkang sanès-sanès.[3] Wonten tlatah Babel pista ngantos kalih minggu laminipun: upacaranipun kados ta pawai déwa-déwa dhumateng kuil Marduk, nuli mandhapaken kaliyan nginggilaken rajanipun, Sidang Déwa-déwa.[3] Panentuan nasib kanggé wektu ngajengipun, dipunakiri pista 'pernikahan suci' (raja kaliyan imam wanita, wakil déwa) Pista-pista wonten karajan kados ta upacara maringaken makutha dhumateng raja (taksih wonten naskah saking Ur-Nammu, Nabopolasar), pista pribadi kaya ta kalahiran, polakrama kaliyan palantikan gadis dados imam wanita.[3]
Miturut kadadosan 10:10 Nimrod dipunparingaken wonten dhasar kutha punika supados kutha krajan.[3] Nanging tradisi agamawi Babilonia pitados, manawa ingkang maringaken dhasar punika déwa Marduk.[3] Boten wonten seratan sanèsipun babagan cariyos kutah punika jumeneng.[3]
Sargon I saking Akkad (watara 2350 sM) lan para penerusipun.[3] Shar-kalisharri, njemenengakén kuil-kuil kanggé para déwa-déwa Anunitum clan Amal, miturut tradisi uga ndandosakén panggung kuil.[3] Kadosipun nalika masa Agade, sampun dipunjumenengakén wonten inggilipun reremukan kutha Babel sadèrèngipun.[3] Wonten jaman Shulgi saking Ur (± 2000 sM) Babel dipunserang dipunparintah déning para gubernur-gubernur (patesi) saking Ur.[3] Amargi miyosipun dinasti Amari kaping pisan wonten Babel diparintah déning Sumu-abum.[3] Tembok-témbok kutha ingkang dipundandosi déning Hammurabi sarta para panerusipun, dados kutha krajan ngantos dirubuhakén déning suku Het ± 1595 sM.[3]
Kutha Babel naté dicepeng déning bangsa Kasdim, Marduk-Apla-Iddina II (722-710, 703-702 sM), miturut cariyos ingkang sarupa kaliyan cariyos Sargon II saking Asyur babagan perang ngalawan kutha Babel.[3]
Usaha kanggé ngicalaken pambrontakan punika, wonten tiyang Babel ingkang dipunboyong Samaria, wonten kutha Samaria tiyang punika dipundadosaken anggota pemujaan dhateng para déwa-déwa kutha saka Babel (2 Raja 17:24-30).[3] Sanherib ndawuh putranipun dados raja Babel nanging piyambakipun dipunpejahi déning Elam, 694 sM.[3]
Sanherib ingkang gadhah pangarepan suoaya saged ngicalaken rasa satriya para masarakat Babel anggonipun njagi kasatuan saka kuthanipun.[3] supados kutha Babel ambruk wonten taun 689 ugi supados piyambakipun saged mindahaken tugu-tugu suci.[3] Putranipun, Esarhadon, gadhah niyat kanggé ndandosi kutha suci mau: piyambakipun mindahaken Manasye maring Babel dados tawanan (2 Tawarikh 33:11).[3] Piyambakipun ndandosaken kutha Babel supados saged tunduk dhumateng putra-putranipun, Samas-sum-ukin.[3] Nanging para putra sami padu, Asyurbanipal saking Asyur.[3] Nalika 652-648 sM kutha Babel rusak amargi perang, masarakat Asyur akiripun ndawuh Kandalanu, dados gubernur.[3]
Wonten abad kaping 626 sM, Nabopo-lasar yasa kutha mau kemalih.[3] Pambangunan punika dipunlajengaken déning Nebukadnezar II, raja Babel, sanèsipun raja ingkang naté amarintah wonten kutha Babel inggih punika raja Zedekia, Arnel-Marduk (Ewil Merodakh), Belsyazar, amarintah bebarengan kaliyan Nabonidus.[3] Wonten Al-Kitab uga sampun wonten seratan babagan cariyos kaliyan berita kutha Babel ingkang dados kutha krajan tambahan saka Pèrsi.[3]
Punapa ingkang wonten kuil dipundadosaken upeti Sesbazar kanggé yasa kaliyan madosi laporan.[3] kadosuipun arsip ingkang wonten Babel, dados alesan babagan Yahudi buangan ingkang wangsul marang kutha Babel dibawahi Ezra.[3] Babel naté uga dados tlatah pusat para bregajul kaya ta Nidintu-Bel (522 sM); Araka (521 sM); Belsyimanni kaliyan Syamasy-eriba (482 sM).[3]
Nalika Xerxes merangi kutha Babel ringsek (478 sM); Aleksander gadhah niyat kanggé ndandosi, ananinging sadèrèngipun dados, piyambakipun ninggal donya.[3] Sampun yasa Selcukia wonten pasisir Lepen Tigris, dados pusat papréntahan Seleukid.[3] Seratan-seratan ingkang wujudipun wiji wonten papan saged dimangertosi manawi kuil Bel wonten mrika ajeg ngantos taun 75 sM.[3]
Nalika jaman papréntahan Nabu-nasir (Nabonassar), ingkang amarintah taun 747-735 sM, (jaman énggal), dipunwiwiti parjuangan kanggé ngerebut kamardikan saking Asyur.[3] Tiglat-Pileser III saking Asyur dadosaken piyambakipun dados 'Raja Sumer kaliyan Akad, mbungkem Bel (= Marduk) kaliyan nuntut takhta Babel nalika taun 745 sM, uga ngagem asma Pul(u).[3] Gangsal welas taun sesampunipun piyambakipun numpas pambarontakan Ukinzer saka Bit-Amukkani.[3]
Wonten, sheik ingkang nyaingi piyambakipun, Marduk-Apla-Iddina II, saking Bit-Yakin kidul, maringaken upeti dhumateng Tiglat-PiJeser.[3] Samaria ingkang sampun dipunkepung déning Salmaneser V kaliyan Sargon II nalika taun 726-722 dados kasempatan Marduk-Apla-Iddina (Merodakh-Baladan) kanggé ngelaksanakaken tipu.[3] Ngantos 10 taun laminipun (721-210 sM) Marduk amarintah kutha Babel ngantos para tantara Asyur nyerang Der, ngalahaken Humbanigas saking Elam, kanggé ngrebut kutha Babel.[3]
Nalika Sargon ninggal donya, 705 sM, Merodakh-Bala nentang Asyur.[3] Amargi pambarontakan punika Merodakh Baladan gadhah kasempatan kanggé ngangkat piyambakipun dados raja Babel.[3] Sanherih merangi, ngalahaken para pandukungipun saking Elam nalika perang wonten Kutha kaliyan Kis, nuli tumuju Babel nempataken tiyang pro-Asyur, Bel-ibni, supados munggah takhta.[3] Bit-Yakin ingkang dipunrusak, nanging Metodakh-Baladan sampun kesah tumuju Elam, wonten mrika piyambakipun ninggal yuswa sadèrèngipun Sanherib maringi ukuman, taun 694 sM.[3] Kangge sawatara wektu putra saking Sanherib, Esarhadon, gadhah tanggung jawab babagan Babel, dados raja enem.[3] Piyambakipun munggah takhta nalika taun 681, ndandosi kuil-kuil kutha kaliyan mangsulaken kaagunganipun, mula piyambakipun mindhah Manasye marang Babel.[3]
Awit bangsa Elam dipunbujuk déning suku-suku Babel, Esarhadon dados pamimpin prajurit maring 'tanah-tanah samodra' nalika taun 67R sM, ngangkat Na'id-Marduk dados pamimpin, nalika sasi Mèi 672 Esarhadon amarintah para bawahanipun supados sumpah kanggé mbiyantu putranipun, Ayurbanipal, ingkang dados bakal raja saking Asyur, kaliyan putranipun Samas-sum-ukin dados bakal raja saking Babel (Iraq, 20, 1958), Wektu piyambakipun ninggal yuswa, taun 669 rencana punika kalaksanan amargi dipunpimpin déning ibu suri.[3] Nanging watara taun 652 sM kembaran saka Esarhadon saka Babel dados pambarontak nentang pamarintah pusat.[3]
Nabopolasar, gubernur Lempongan Pèrsi, tiyang Kasdim, dados pamimpin papréntahan nalika tanggal 22 Nov 626, damai kaliyan Elam. Sesampunipun Nabopolasar ngalahaken bangsa Asyur wonten Salat, kirang langkung 623 tlatah Der sampun bébas. Kitab Sajarah Babel ingkang dados sumber utami dipunpitados nalika jaman Neo-Babel. Nalika taun 623-616 sM Nabopolasar ngusir para tiyang Asyur ingkang wonten lèpèn Efrat kaliyan Tigris. Nalika taun 614 tiyang Media mbiyantu tiyang Babel kanggé nyerang Asyur.
Para sekuthu punika uga dipunbiyantu déning bangsa Skit supados saged dumunung wonten Niniwe taun 612 sM, tiyang Babel madosi tiyang ingkang kesang maring kulon. Serangan-serangan Babel wonten Siria, dilanjut kaliyan serangan tumuju Haran, 609 sM, kaliyan nggerebek suku-suku wonten lor nalika taun 609-606 sM.
Nabopolasar ingkang sampun sepuh pitados kaliyan bakal raja, Nebukadnezar, nalika sasi Mèi-Juni 605 sM Ncbukadnezar nyerang Karkemis, naklukaken para tantara Mesir wonten Hamat. Nalika taun 604 sM Nebukadnezar angsal upeti saking para raja wonten Siro-Palestina. Nanging Askelon nulak wonten seratan kanggé nyuwun supados Pirngon mbiyantu kanggé ngelawan serangan kanggé perluasan Babel. Nalika taun 601 tiyang Babel perang kaliyan tiyang Mesir. Kangge ancang-ancang perang, tantara Babel nyerbu suku-suku Arab (taun 599/8, Yeremia 49:28-33). Nalika sasi Kislev, taun papréntahan Nebukadnezar ingkang ka-7, Nebukadnezar ngengken para tantara kanggé ngepung supados saged nyepeng papréntahan wonten tlatah punika. Piyambakipun nangkap raja, ngangkat papréntahan miturut apa kang diremeni, ngerampas jarahan saking kutha punika.
Karuntuhan Yerusalem nalika sasi Maret 597 tanggal 16, nanging perang-perang Babel dhateng Yehuda nalika Zedekia mberontak sampun naté dicariyosaken wonten Yeremia (52:4 dab; 2 Raja 25:7). Yerusalem rusak nalika taun 587 sM. Wonten seratan Babel ingkang nyenggol-nyenggol serangan Mesir taun 568/7 sM.
amarga panangkapan Yoyakhin, pangangkatan Matanyal-Zedekia kaliyan pambuangan Yehuda, dipuncariosaken wonten al kitab. Taun-taun sesampunipun Nebukadnezar nyerang Elam. Seratan babagan sajarah Babel boten diserat kemalih.
Koresy ingkang sampun naklukaken Media, Pèrsi kaliyan Elam, mlebet Babel nalika tanggal 16 Oktober 539 sM, sesampunipun Babel dipunparintah déning jenderal Gobrias.[3] Toya saking lèpèn Efrat diputher maring Opis supados saged nyerang bètèng liwat lèpèn ingkang sampun garing.[3] Belsyazar kaliyan Nabonidus dipupejahi.[3]
Kambises, dados pamarintah ngantos ninggal yuswa nalika perang.[3] Pejahipun Kambises andadosaken pamberontakan, mula para masarakat ngerampas takhta.[3] Ngantos Dhésèmber 522 Darius I mangsulaken tata tertib.[3] Nalika masa papréntahanipun (522-4R6 sM) Kambises idin kanggé tiyang Yahudi kanggé njumenengaken kemalih Bait Allah wonten Yerusalem dipimpinan déning Zerubabel.[3]
Babel naté diamarintah déning raja-raja saking Pèrsi; Xerxes (486-470 sM, *AHASYWEROS), Artaxerxes I (464-423 sM) kaliyan Darius II (423-408 sM).[3] Aleksander III uga naté amarintah (331-323 sM) dilajengaken kaliyan Filipus-Arrhidaeus (323-316 sM) kaliyan Aleksander IV (316-312 sM).[3] Kalah malih, dipunamarintah déning tiyang Seleukus (312-64 sM), tiyang Partia (Arsakid) kaliyan tiyang Sasania ngantos dikalahaken déning tiyang Arab nalika taun 641 M.[3] Sesampunipun jaman Neo-Babel kaliyan jaman-jaman sesampunipun, wonten kolonisasi Yahudi dhumateng Babel, sesampunipun Yerusalem ambruk nalika taun 70 M kolonisasi-kolonisasi manika gadhah prabawa wonten diaspora.[3]
Awit Herodes saking Halikarnasus (watara 460 sM) ninggalaken cariyos babagan kutha Babel.[3] Benyamin saking Tudela (abad 12), Rauwolf (1574), Niebuhr (1764), C.J Rich (1811-1821) kaliyan Ker Porter (1818) ngelajengaken panelitian punika kanthi cara ingkang langkung ilmiah.[3] Usaha kaping pisanan dipunlaksanakaken déning Layard (1850) lan Fresnel (1852), wonten bukti kutha ingkang sampun dikeruk kanthi sistematis déning Deutsche Orient Gesellschaft dipimpim Koldewey (1899-1917).[3] Uga déning Lenzen nalika taun 1956-1958.[3] Awit taun 1962 tiyang Irak sampun ndandosi kuil Ninmah.[3] Saking panelitian ingkang dipundadosaken satunggal dipunangsal bukti-bukti ingkang kathahipun langkung saka 10.000 ayat-ayat kaserat, Wonten tiyang ingkang damel bata weruh gambar ingkang dipunngertosi sampun wonten nalika jaman Nebukadnezar.[3]
Kutha Babel punika diubengi déning témbok-témbok kang kasusun muter-muter.[3] Tembok paling njawi dawanipun ngantos 27 km, kuwat kaliyan amba wonten panggung kanggé pertahanan, gadhah 8 gerbang.[3] Wonten lor gerbang punika ageng, wonten saking Isytar tumuju margi ingakng dados arak-arakan maring Esagila.[3] kuil Marduk, kaliyan ziggurat Etemenanki.[3] Margi ageng punika saka watu tebihipun 920 m, témbok-témbok punika ditatani wau ingkang sampun dilapis gambar 120 singa (lambang Isytar), 575 musrussu-naga-naga (Marduk), lan kebo-kebo lanang (Bel) ditata genten.[3]
Margi punika mbelok maring ngulan nyebrang lèpèn Efrat dados panghubung Kutha énggal wonten pasisir kulan saking kutha krajan ingkang lami.[3] Pura-pura ingkang utama dipunbentengi, wonten ruwang takhta (52 X 17 m) ingkang kadosipun dipunagem nakila jaman Daniel.[3] Wonten pojok wétan saking pura, wonten sisa-sisa saking cagak-cagak ingkang dipunanggep déning Koldewey dados panyangga saking 'taman-taman gantung' ingkang dipunyasa déning Nebukadnezar kanggé Amitis, garwanipun.[3] Kangge palipur kangen maring asalipun.[3]
Sampun kathah pérangan kutha kaliyan kuil-kuil ingkang dipanggihi, 53 sampun ditepangi, asma-asma saking pérangan kutha punika kala-kala diagem kanggé dados tunjuk margi (Shuanna, [JCS 23, 1970, him 63] Susan, Tuba, Tintir, Kullab).[3]
Kanthi sapunika dèrèng wonten bukti Arkéologi, manawi kutha Babel sampun wonten sadèrèngipun dinasti kapian (+/-1800 SM).[3] Nanging miturut tradisi Babel ugi seratan sajarah saking Sharkalisharri, nyariosaken manawi raja saking Agade kr 2250 SM yasa manèh menara kuil (Ziggurat) ingkang wonten Babel.[3][4] Bentukipun tingkat-tingkat (Ziggurat), Wujud mau dipunkembangaken kemalih nalika +/-3000 SM dupun milai saking tumenos utawi panggung ingkang nyangga kuil caketipun kaliyan kuil-kuil ingkang wonten kutha kaya ta kuil wonten Erekh ugi kuil wonten 'Ukair.[3] Menara punika ngalami kerusakan ingkang ageng nalika perang (taun 652-648 SM), nanging dipundandani kemalih nalika masanipun Nebukadnezar II (605-562 SM).[3] Banguna punika ingkang dipunjlentrehaken Koldewey nalika tau 1899.[3] Lantai ingkang paling ngandhap ukuranipun 90x90 m, inggilipun 30 m.[3] Wonten lantai ingkang andhap punika dipunyasa gangsal lantai inggilipun 6 kanthi 18 m.[3] Manawi tambah inggil, lantainipun inggilipun nambah alit ukuranipun.[3] kanggé makutha saking yasan manika, wonten tataran lantai ingkang paling inggil dipunyasa kuil.[3] Ingkang dados anggepan nalika jaman punika, kuil mau dados papan kadhatengan para Déwa nalika gadhah urusan kaliyan manungsa.[3]
Aleksander ngresiki ambrukanipun supados saged yasa kemalih, anaging boten dados amargi piyambakipun ninggal dunnya.[3] Patok-patok ingkang dados batesanipun nuli dipunbuwang kaliyan masarakat ingkang wonten punika, sapunika tlatah mau dipunsebat Etemenanki utawi bolongan (Es-Sahn).[3] Wonten ingkang nyamikaken yasan kasebat kaya ta Es-Shan, ingkang dipunsamikaken sisa-sisa saking ziggurat ingkang taksih wonten saking tlatah Borsippa (Mod Birs Nimrud), 11 km pérangan tenggara Babel (hambok manawi saking jaman NeoBabilonia).[3] Dipunduga kemalih, miturut Alkitab.[3] Dur-Kurigalzu (Aqar Quf), wonten pérangan tenggara Bagdad.[3] Nanging kutha mau dipunyasa nalika taun 1400 SM.[3] Ingkang saged dados kasimpulan, cariyos kitab ingkang nyariosaken bab sajarah kadadian menara utawi yasan-yasan punika boten saged punpitados.[3]
Taman Gantung Babilonia, wonten ing tlatah Babilonia.[6] Imperrum kuna Mesopotamia ingkang caket kaliyan lèpèn ''Euphrates'', sapunika dipuntepang Irak kidul.[6] Taman Gantung Babilonia, dipunyasa wonten tlatah Babilonia nalika taun 450 sadèrèngipun masehi.[7] Taman punika dipunyasa raja Nebukadnezar II (Bukhtannasar), kanggé bungahaken garwanipun, Amyitis (wonten sumber sanès ingkang nyebat asma garwannipun Nebukadnezar II, Amuhia)[7][8], Amyitis sapunika putrinipun raja Medes saking nagari Media.[8] Permausuri punika oneng kaliyan kampungipun ingkang tebih saking kraton Babilonia.[9] Amargi punika, raja Babilonia Bukhtannasar amarintah prajurit sumarga ngawontenaken ekspediai-èkspèdhisi wonten tlatah ngetan, inggih punika tlatah Nuswantara.[9] Garwanipun raja Babilonia Bukhtannasar dipunduga saking Nuswantara.[9]
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Bos taurus. |
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.