Asia Kidul-kulon
From Wikipedia, the free encyclopedia
Asia Kidul-kulon, utawa Asia Kulon, iku wewengkon pérangan kidul-kulon bawana Asia. Istilah "Asia Kulon" luwih kerep dipigunakaké sajeroning tulisan ngenani arkéologi lan mangsa prasajarah kawasan iku.

Para ahli géografi terusik kanthi anané ambiguitas istilah "Wétan Tengah" sing luwih populer tinimbang "Asia Kidul-kulon". Nagara kaya déné India luwih seneng migunakaké istilah "Asia Kulon", mbokmanawa amarga istilah "Wétan Tengah" luwih ka Éropahan (Eurocentrism). Nanging ana kalangan sing nganggep Wétan Tengah perlu nyakup nagara-nagara ing Afrika Lor utawa paling ora nagara Mesir waé.
Sawetara nagara lan wewengkon sing kalebu Asia Kidul-kulon yaiku:
- Afganistan
- Armenia
- Azerbaijan
- Bahrain
- Siprus
- Mesir (Ujung Sinai)
- Lurung Gaza
- Georgia
- Iran
- Irak
- Israèl
- Yordania
- Kuwait
- Libanon
- Oman
- Qatar
- Arab Saudi
- Suriah
- Turki (laladan Anatolia)
- Uni Emirat Arab
- Gisik Kulon
- Yaman
- Pakistan
Anatolia, Arabia, Levant, lan Mesopotamia iku péranganing wewengkon Asia Kidul-kulon.
- Kanggo wedharan ngenani sajarah nagara-nagara ing Asia Kidul-kulon, pirsani Sajarah Wétan Tengah
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.