Bahrain

From Wikipedia, the free encyclopedia

Bahrain

Karajan Bahrain (Arab: مملكة البحرين) iku nagara kapuloan ing Lempongan Pèrsi sing ora duwé wewatesan. Lempongan Bahrain misahaké nagara iki karo Qatar lan Arab Saudi. Tanggané Bahrain, Arab Saudi ana ing sisih kulon lan nyambung karo Bahrain liwat Tambak Raja Fahd sing dibukak kanthi resmi tanggal 25 November 1986 lan Qatar ing sisih kidul nyabrang Lempongan Pèrsi. Wiyar wewengkoné mèh padha karo wiyar wewengkon DKI Jakarta.

Sunyata Rikat مملكة البحرينMamlakat al-Bahrain, Kuthagaralan Kutha paling gedhé ...
مملكة البحرين
Mamlakat al-Bahrain
Thumb
Gendéra
Thumb
Aditamèng
Motto: 
Gunagita: Bahrainona
Thumb
Kuthagara
lan Kutha paling gedhé
Al-Manamah
JawatbasaArab
PapréntahanMonarki konstitusional
Kamardikan
 Banyu (%)
bisa dikiwakaké
Population
 Pikira-kira 2005
688.345 (157)
 Cacahjiwa -
-
GKK  (ITK)Pikira-kira 2005
 Gunggung
US$14,61 milyar (123)
 Saben wong
US$18.817 (38)
ArtacihnaDinar (BHD)
Laladan wektuUTC+3
 Mangsa ketiga (AKK)
UTC+3
Kodhé bèl973
TLD internèt.bh
Tutup

Saiki lagi direncanakaké panggawéyan Kreteg Pamitran Qatar-Bahrain sing ngubungaké Bahrain lan Qatar. Yèn kreteg iki rampung diwangun, mengko bakal dadi yasan pangubung paling dawa ing donya.

Pirsanana uga

  • Pratélan nagara

Pranala njaba


Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.