Antonius Subianto Bunjamin

From Wikipedia, the free encyclopedia

Antonius Subianto Bunjamin

Mgr. Antonius Subianto Bunjamin, O.S.C (lair ing Bandung, Jawa Barat, Indonesia, 14 Fèbruari 1968; umur 57 taun) yaiku uskup ing Keuskupan Bandung, nerusaké Mgr. Johannes Pujasumarta sing kadhapuk minangka Uskup Agung Semarang. Bunjamin kapilih minangka Uskup Bandung 3 Juni 2014,[3] lan ditahbisakké ing tanggal 25 Agustus 2014.[4]

Sunyata Rikat Mgr.Antonius Subianto Bunjamin O.S.C., Gréja ...
Mgr.
Antonius Subianto Bunjamin
O.S.C.
Uskup Bandung
Thumb
GréjaKatolik Roma
KeuskupanBandung
Didhapuk3 Juni 2014
(&&&&&&&&&&&&&010.&&&&&010 taun, &&&&&&&&&&&&0306.&&&&&0306 dina)
SadurungéJohannes Pujasumarta
Jabatan liyane
  • Sekretaris Jenderal Konferensi Waligereja Indonesia
[1]
Ordo
Penobatan26 Juni 1996
(&&&&&&&&&&&&&028.&&&&&028 taun, &&&&&&&&&&&&0283.&&&&&0283 dina)
Penahbisan25 Agustus 2014
(&&&&&&&&&&&&&010.&&&&&010 taun, &&&&&&&&&&&&0223.&&&&&0223 dina)
dening Ignatius Suharyo
Detil pribadhi
Jeneng lairAntonius Subianto Bunjamin
Lair (1968-02-14) Fèbruari 14, 1968 (umur 57)
Bandung, Jawa Barat, Indonesia
Kabangsan Indonesia
DenominasiKatolik Roma
SinggasanaKeuskupan Bandung
Wong tuwaAyah: Mathias Bunjamin †
Ibu: Agnes Eniwaty †
Jabatan sadurunge
  • Provinsial OSC Indonesia (2010–2013)
Sesanti"Ut Diligatis Invicem" (Cithakan:Yoh)[2]
(Kasihilah seorang akan yang lain)
Lambang{{{coat_of_arms_alt}}}
Tutup

Latar wuri

Mgr. Bunjamin lair ing Kutha Bandung, Jawa Barat, 14 Februari 1968.[5] Ing mangsa ciliké, dhèwèké diparabi beke, tembung ing basa Sunda sing ngemu teges cendhèk, jalaran awaké ya pancèn luwih cilik tinimbang kanca-batiré.[6] Bunjamin ngabekti ing Paroki Santa Odilia, Cicadas Keuskupan Bandung.[5] Kepara malah naté dadi anggota misdinar lan Legio Maria ing paroki kasebut.[5]

Pawiyatan lan pakaryan

Mgr. Anton lumebu pawiyatan Seminari Menengah Santo Petrus Kanisius, Mertoyudan, Magelang, Jawa Tengah taun 1984.[7][8][9] Sabanjuré Bunjamin nerusaké ing seminari tinggi, lan lumebu Ordo Salib Suci (OSC),[10] sekolah ing Fakultas Filsafat Universitas Katolik Parahyangan, Bandung.[5] Dhèwèké ngucap kaul minangka imam kanggo tarekat Ordo Salib Suci (OSC) tanggal 28 Agustus 1994.[3][7] Bunjamin ditahbisaké minangka diakon ing Kapel Santa Helena, Pratista, Bandung 31 Januari 1996. Nampa tahbisan imamat tanggal 26 Juni 1996 ing Gereja Santo Laurentius, Bandung.[11] Bunjamin ditahbisaké minangka Uskup Bandung déning Mgr. Alexander Djajasiswaja kairing 3 imam OSC liyané, R.P. Laurentius Tarpin, O.S.C, R.P. Basilius Hendra Kimawan, O.S.C., lan R.P. Yohanes Berchmans Rosaryanto, O.S.C.[11]

Sasuwéné pakaryané, Mgr. Anton durung naté dadi pastor paroki.[12] Sawisé nampa tahbisan imamat, dhèwèké mung dadi pastor pambiyantu telung wulan ing Paroki Kristus Sang Penabur tumeka mangkaté nerusaké sekolah.[13][14][14]

Mgr. Anton mimpin ibadat salve, nalika panahbisan Mgr. Christophorus Tri Harsono minangka Uskup Keuskupan Purwokerto ing tanggal 15 Oktober 2018.[15]

Rujukan

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.