From Wikipedia, the free encyclopedia
Angels and Airwaves utawa AVA ya iku band ingkang madeg ing taun 2004. Band iki dipundamel déning Tom DeLonge, amarga DeLonge sampun medal saka Blink 182 rikala iku. Blink 182 ngaturake bubar kanthi wayah ingkang boten dipuntemtokaken marang panggemare. Tom DeLonge ngendikan piyambake gadhah [1] karep gawé band ingkang alirane sanès Pop punk, kaya ta Blink 182. Piyambake inggih bosèn damel tembang-tembang Pop punk. Dadine badhé damel tembang alirane Alternatif rock utawa Instrumental.
Angels and Airwaves | |
---|---|
Pratélan latar wuri | |
Paraban | AVA |
Saka | San Diego, California, United States |
Génre | Alternatif rock, Instrumental |
Mangsa akarya | 2004-Saiki |
Labèl | Geffen (2004-2006), Suretone (2007-2009), To The Star (2010-saiki) |
Sing magepokan | Blink 182, Boxcar Racer, The Offspring, Hazen Street, 30 Seconds to Mars, The Distillers |
Sana jaringan | http://www.angelsandairwaves.com/, http://thearmyofangels.com/web/guest/login/ |
Anggota | Tom DeLonge David Kennedy Matt Watcher Illan Rubin |
Tilas anggota | Ryan Sinn David Atom Willard |
Saka kosongipun Blink 182, Tom DeLonge sampun duwé rancangan band, band iku kudu liya aliran karo Blink 182. DeLonge inggih taksih gadhah matéri tembang. Piyambake ngajak David James Kennedy (gitaris), kancané DeLonge rikala sekolah lan rencang dolanan Skateboard. Kennedy, celukane David James Kennedy, iku kanca rikala DeLonge gadhah band Boxcar Racer. Tom ngendika, Angels and Airwaves iku térusan saka Boxcar Racer [2]. Nalika Boxcar Racer, drummer diisi kaliyan Travis Barker, ngèndikane Atom Willard (drummer Angels and Airwaves, nanging saiki sampun medal) [3].
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.