Amida

From Wikipedia, the free encyclopedia

Amida

Amida yaiku senyawa kimia kang bisa nduwèni rong pengertian. Jinis sepisanan yaiku gugus fungsional organik kang nduwé gugus karbonil (C=O) kang ana gegayutané karo siji atom nitrogen (N). Déné jinis sing kapindho yaiku senyawa kimia kanthi wujud anion nitrogen. Amida yaiku senyawa turunan saka asem karboksilat.[1] Gugus amida ditulis kanthi atom nitrogen kang katalèn ing karbon karbonil.[1] Senyawa amida nduwé sipat nétral.[1] Pambentukan senyawa amida bisa dilakokaké kanthi ngréaksiké siji amina karboksilat karo asil saka halide utawa anhidrida asem ing kaanan kang cocog.[1] Senyawa amida organik nduwèni ciri gugus CONH2 kang padatan katalèn karo alkil.[2] Tuladhané yaiku asetamida (CH3CON2).

Thumb
Gugus fungsional amida

Cathetan suku

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.