Alfonso de Albuquerque

From Wikipedia, the free encyclopedia

Alfonso de Albuquerque

Afonso de Albuquerque (uga diéja Afonso d'Albuquerque utawa Alfonso de Albuquerque; Alhandra, Portugal, 1453 - Goa, 16 Dhésèmber 1515) iku sawijining pelaut Portugis misuwur sing duwé peran sajeroning pambentukan Papréntahan Kolonial Portugis ing Asia.

Thumb
Alfonso d'Albuquerque

Awal Urip

Lair ing Alhandra nalika taun 1453,[1] ing cerak kutha Lisbon, Portugal, panjenengané ing sawijining mangsa ditepungi minangka The Great, The Caesar of the East lan minangka The Portuguese Mars. Bapané, Gonçalo de Albuquerque, Lord of Vila Verde dos Francos (sing palakrama karo Leonor de Menezes) mengku posisi sing cukup wigati ing papréntahan. Saka bapané uga panjenengané duwé gandhèngan getih/katurunan karo kulawarga karajan Portugal. Panjenengané éntuk pendhidhikan sajeroning babagan matématika lan Latin Klasik nalika mangsa kakuwasan Afonso V saka Portugal, lan sawisé patiné bangsawan iku, panjenengané kayané nyambut gawé ing Arzila, Morocco kanggo sapérangan wektu. Ing wektu iku panjenengané bali lan ditunjuk minangka estribeiro-mor (kepala penaséhat) kanggo João II saka Portugal.

Réferènsi

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.