From Wikipedia, the free encyclopedia
Abu Hamid Muhammad bin Muhammad al Ghazali ath-Thusi asy-Syafi'i (lair ing Thus; 1058 / 450 H – tilar donya ing Thus; 1111 / 14 Jumadil Akhir 505 H; umur 52–53 taun) iku filosof dan teolog muslim Pèrsi, sing dikenal minangka Algazel ing donya Kulon abad tengahan.
Panjenengané karan Abu Hamid amarga salah siji putrané asma Hamid. Gelaré al-Ghazali ath-Thusi gegayutan karo ramané sing makarya minangka pamintal wulu wedhus lan papan kelairané ya iku Ghazalah ing Bandar Thus, Khurasan, Pèrsi (Iran). Déné gelar asy-Syafi'i nuduhaké yèn panjenengané duwé madahab Syafi'i. Ghazali asal saka kulawarga prasaja. Ramané duwé gegayuhan sing dhuwur ya iku péngin putrané dadi wong alim lan salèh. Imam Al-Ghazali iku ulama, ahli pikir, ahli filsafat Islam sing pinunjul lan akèh mènèhi sumbangan marang perkembangan kemajuan manungsa. Panjenengané naté mengku jawatan minangka Naib Kanselor ing Madrasah Nizhamiyah, pusat pengajian dhuwur ing Baghdad. Imam Al-Ghazali séda tanggal 14 Jumadil Akhir taun 505 Hijriah bebarengan karo taun 1111 Masèhi ing Thus.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.