wong kang nggawé vidhéo ing YouTube From Wikipedia, the free encyclopedia
YouTuber, uga dikenal minangka pangripta kontèn YouTube, yaiku sawijining jinis vidhéografer utawa panglipur kang nggawé vidhéo kanggo situs jaringan silih ijol vidhéo (video-sharing) YouTube, sok-sok didhukung déning jaringan. Sawenèh tokoh YouTube uga nduwéni sponsor perusahaan kang mbayar kanggo product placement jroning klip dhèwèké utawa vidhéo jroring (daring). Para pangripta kontèn iki asring diarani minangka para "influencer".
Aksara Latin |
Jeneng "YouTuber" ngrujuk marang indhividhu kang platform utamané utawa siji-sijiné amung kanal YouTube, subkaca kang dipersonalisasi saka platform silih ijol vidhéo YouTube.[1]
Jeneng domain internèt "www.youtube.com
" diaktifaké ing tanggal 14 Fèbruari 2005 déning Chad Hurley, Steve Chen, lan Jawed Karim, nalika dhèwèké padha nyambut gawé ing PayPal.[2] Kanal YouTube kapisan yaiku "Jawed", digawé ing tanggal 23 April 2005 PST (24 April 2005 UTC) déning co-founder YouTube.[3][4] Dhèwèké yaiku wong kapisan kang ngunggah vidhéo ing YouTube, sawiji klip vlog cekak kang irah-irahané Me at the zoo, ing dina kang padha.[5]
Ing sasi Oktober 2005, YouTube ngenalaké fitur langganan marang kanal-kanal YouTube.[6] The New York Times ndhaku manawa akèh-akèh vidhéo YouTube nganti tekan taun 2006 kafokus ing sawatara wujud bakat, nyuplik aksi back-flip, sinkronisasi lambé, lan bakaté liyan kang diunggah liwat klip-klip kayata klip saka Saturday Night Live.[7] Ing sasi Juni 2006, perusahaan-perusahaan Hollywood lan industri kang diakoni padha miwiti nyusun hubungan bisnis formal karo bakat YouTube kang vidhéoné "gawéyan dhéwé (homegrown)"—wong kang kapisan diyakini minangka narablog (blogger) juru banyol Brooke "Brookers" Brodack (liwat Carson Daly),[8] banjur juru nyanyi Justin Bieber (liwat Usher),[9] lan dhokter kang saterusé dadi satiris pulitik Bassem Youssef (liwat sawiji jaringan télévisi Mesir).[10][11] Ing taun 2007, YouTube miwiti "Program Mitra (Partner Program)", sawiji pilalan pambagéyan bathi iklan kang ngolèhi para YouTuber ngasilaké dhuwit saka vidhéo-vidhéo kang dhèwèké padha ngunggah menyang YouTube.[12]
Ing sasi Oktober 2015, ana luwih saka 17.000 kanal YouTube kanthi luwih saka 100.000 pelanggan, lan mèh 1.500 kanal kanthi luwih saka sak yuta pelanggan.[13] Gunggung kasebut saya mundhak mèh nganti 44.000 kanal kanthi sak orané mèh ana 250.000 pelangggan ing sasi Januari 2019.[14]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.