From Wikipedia, the free encyclopedia
Yeoju (여주시) ya iku sawijining kabupatèn kang dumunung ing provinsi Gyeonggi, Koréa Kidul.[1] Kabupatèn Yeoju ana ing 80 km saka Seoul lan diilini déning Kali Namhan kang diarani Yeogang atau Sungai Yeo ing tlatah iki.[1] Kali Yeo minangka aliran paling wigati ing Yeoju kang minangka mbanyoni lahan pertanian lan minangka jalur transportasi.[1] Kabupatèn Yeoju dihubungkan karo Seoul lumantar Jalan Tol Yeongdong mula nggampangake akses ing wewengkon mau.[1]
Ing sisih kulon laut Yeoju ana Yeongneung, ya iku kuburan Raja Sejong (bertahta 1418-1450) lan Ratu Sohyeon.[2] Komplek makam Raja Sejong dilapisi sesuketan kandel lan diubengi wit-witan pinus.[1] Kuburan liayane kang cedhak karo Yeongneung ya iku kuburan Raja Hyojong kang dadi pamaréntah ing taun 1649-1659.[1]
Shilleuksa utawa Kuil Shilleuk ya iku kuil Buda kang ana ing sisih wétan laut Yeoju.[1] Kuil Shilleuk kira-kira dibbangun déning Wonhyo, biksu Silla ing mangsa pamaréntahan Raja Jinpyeong (579-632).[1] Kuil iki dikenal amarga duwé sesawangan éndah saka paviliune kang diarani Yeongwollu dianggep unik amarga ana ing pinggir kali, béda karo kuil Buda liyané kang diyasa ing pagunungan lan adoh saka permukiman warga.[1]
Désa Shinjeom ing sisih lor Kuil Shilleuk ya iku kampung utama marga Min ing Koréa. Tokoh-tokoh kang asalé saka marga Min ya iku Ratu Min utawa Maharani Myeongseong lan Min Yeong-hwan.[1] Ratu Min aya iku ratu Koréa kang pungksan ing mangsa Dinasti Joseon kang dipateni déning mata-mata Jepang ing Pura Gyeongbok.[1] Cilikane Ratu Min manggon ing Désa Neunghyeon.[1]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.