![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/a/a6/Leaf_anatomy_universal.svg/langjv-640px-Leaf_anatomy_universal.svg.png&w=640&q=50)
Xilem
From Wikipedia, the free encyclopedia
Pembuluh kayu utawa xilèm (dari xylem, dari basa Yunani kuna ξυλον / Lat. xylon, ingkang tegesé "kayu") punika salah satunggaling saking kalih kelompok mliginipun jaringan pembuluh ingkang dipungadahi déning tanèman berpembuluh (Tracheophyta). Pembuluh kayugadahi fungsi nyalurkè zat bahan fotosintèsis saking oyot ing godong. Pembuluh kayu méénika saluran utami kanggé transportasi toya kaliyan sadaya substansi ingkang terlarut ing dalem saking oyot (saha ugi tukul tanéman sanès ingkang nyèrèp toya) nuju ing pérangan sanès tanéman, mliginipun godong. Kayu kabéntuk mliginipun saking kempalan pémbuluh kayu.
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
![](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/a/a6/Leaf_anatomy_universal.svg/320px-Leaf_anatomy_universal.svg.png)
Gerakan toya ing xilèèm asifat pasif amérgi xilèm kasusun saking sèl-sèl mati ingkang ngayu (ngélampahi lignifikasi), pramila xilèm botén gadhah peran ing prosès punika. Faktor penggerak utami inggih punika transpirasi. Faktor pembantu sanèsipun inggih punika tekanan akar sebab wonten bènténipun potensial toya ing salèbeting jaringan oyot kaliyan ing ruang lemah ing sisih perakaran. Gaya kapilaritas namung bantu dorong toya gayuh ingkang inggil, nanging botèn bantu gèrak. Sèl-sèl xilèm gadhah pinten-pinten tipè inggih punika trakea (boten dipungadahi déning taneman paku lan tumbuhan berbiji kabuka), trakeida, lan serabut trakeida. Sèl-sèl xilèm botén gadhah protoplasma. Ing sistem pembuluh kayu dipuntemuake parenkima kayu, ingkang ngisi ruang-ruang kosong ing antawis pembuluh saha bantu ngeleketake pembuluh-pembuluh mau. Trakea saged dipunsebat pembuluh ingkang sakjatosipun. sekempalan sel-sel ing dinding sel lateralnya nglampahi kekandelan kaliyan lignin (zat kayu) nanging pérangan pucuk inggil lan ngandapipun nglampahi perforasi (pelubangan) pramila gegayutan kaliyan sel-sel ingkang sejenis ing inggil saha andapipun bantuk pipa pipa kapiler dawa. Xylem betha toya saking dalem lemah ing sadaya otgan taneman lan dipundadosaken ènergi kanggé fotosintesis.