Xherdan Shaqiri
From Wikipedia, the free encyclopedia
Xherdan Shaqiri yaiku salah sawijining pamain bal-balan saka nagara Swis lan main ing klub Liverpool FC. Dhèwèké lair ing Gjilan, Yugoslavia tanggal 10 Oktober 1991 (umur 28 taun). Pamain kang wasis migunakaké sikil kiwa nalika tetandhingan iku mapan ana ing posisi glandhang utawa swiwi lan manganggo nomer geger 23. Shaqiri duwé dedeg piadeg 169 cm lan 72 kg, senadyan manawa disawang awaké katon cendhèk jalaran awaké kang pothok kaya binaragawan.[2][3] Shaqiri nganti saiki duwèni rong kawarganagaran yaiku tanah kalairane (Kosovo) lan tanah kang dibélani saiki yaiku Swis, dhèwèké kalebu imigran ing nagara Swis jalaran nalika taun 90-an Yugoslavia bedhah perang sedulur lan akèh wong-wong Yugoslavia ngungsi menyang jaban Yugoslavia, kalebu Shaqiri kang boyongan menyang Swis, ing kana ketemu sapepadha pamain kang ngungsi saka Yugoslavia yaiku Granit Xhaka, kaloroné dadi piyandelé Swis ing péntas bal-balan.[4] Shaqiri ngaku saliyané seneng marang bal-balan dhèwèké uga pandhemen musik jinis RnB lan Hiphop, dadi pandhemen pamain filem kaya ta Jean-Claude van Damme lan Leonardo DiCaprio. Duwé hobi main ping-pong lan mancing kanggo ngisi wektu lowong nalika prèi main bal-balan.[5]
Shaqiri seragam Tim Nasional Swis ing Piala Donya Ruslan 2018 | |||
Katerangan priangga | |||
---|---|---|---|
Jeneng dawa | Xherdan Shaqiri | ||
Tanggal lair | (1991-10-10) 10 Oktober 1991 (umur 32)[1] | ||
Papan lair | Gjilan, SFR Yugoslavia | ||
Dhuwur | 1.69 m (5 ft 7 in) | ||
Posisi main | Glandhang, Swiwi | ||
Katerangan klub | |||
Tim saiki | Liverpool | ||
Angka | 23 | ||
Karir nom | |||
1999–2001 | SV Augst | ||
2001–2009 | FC Basel | ||
Karir sénior* | |||
Taun | Tim | Main | (Gul) |
2007–2009 | FC Basel II | 19 | (8) |
2009–2012 | FC Basel | 92 | (18) |
2012–2015 | Bayern Munchen | 52 | (11) |
2015 | Inter Milan | 15 | (1) |
2015–2018 | Stoke City | 84 | (15) |
2018–saiki | Liverpool | 30 | (7) |
Tim nasional‡ | |||
2007–2008 | Swis U-17 | 10 | (0) |
2008–2009 | Swis U-18 | 5 | (0) |
2009 | Swis U-19 | 5 | (3) |
2009–2011 | Swis U-21 | 7 | (1) |
2010–saiki | Swis | 82 | (22) |
* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 14:55, 21 Mei 2020 (UTC). |