Wong Bodo
From Wikipedia, the free encyclopedia
Wong Bodo utawa suku Bodo iku sawijining bebrayan utawa golongan ètnis sing asalé saka Assam, praja ana ing lor-wétané nagara India. Miturut sensus taun 2011, wong Bodo cacahé manawa watara 2 yuta, utawa 5,5% saka populasi total sing ndunungi praja iku.[1] Mayoritas wong Bodo nganut agama Hindhu (90,31%), sisané ngugemi agama Kristen (9,40%), lan liya-liyané kapitayan animisme.[2] Wong Bodo iku éwoning ètnik kang diarani Bodo-Kachari.
Ing taun 2012, ana kadadéan haruhara ètnis antara wong Bodo lan imigran Muslim ing Assam, sing njalari minimal 400.000 wong ngungsi. Luwih saka 5.000 omah uga padha ajur.[3]