![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/a/a9/A_Bedouin_girl_in_Nuweiba_-_Egypt.jpg/640px-A_Bedouin_girl_in_Nuweiba_-_Egypt.jpg&w=640&q=50)
Wong Badawi
From Wikipedia, the free encyclopedia
Wong Badawi (cara Arab: بَدَوِي badawī) iku sawijining golongan étnis semi-nomadhik Arab, asalé saka kelompok nomadhik sing ing sujarahé ndunungi sagara wedhiné Arab lan Suriah. Jeneng kelompok kuwi artiné "wong sagara wedhi" ing basa Arab.[1] Wewengkoné nyrambahi sambané sagara wedhi ing Afrika Lor nganti wedhi krakalaning Wétan Tengah.[1] Kelompok iki adaté kapérang dadi suku-suku, utawa klan-klan (ing basa Arab diarani ʿashāʾir; عَشَائِر) lan nunggal budaya babagan angon unta lan wedhus.[1]
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/a/a9/A_Bedouin_girl_in_Nuweiba_-_Egypt.jpg/640px-A_Bedouin_girl_in_Nuweiba_-_Egypt.jpg)
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/9/9d/Bedouin_family-Wahiba_Sands.jpg/640px-Bedouin_family-Wahiba_Sands.jpg)
Para Badawi mbentuk pérangan, nanging ora padha karo, gantha modhèrené wong-wong Arab.[citation needed] Badawi uwis tau dirujuk minangka akèh jeneng saturut sujarah, kalebu Qedarites ing Prajanjian Lawas lan Arabaa déning wong-wong Suryani (ar-ba-a-a iku nisba saka nomina Arab, jeneng sing isih dinggo karo para Badawi tekan sapréné). Wong-wong iki dirujuk minangka para Araab (أعراب) ing Al-Qur'an.
Nalika akèh wong-wong Badawi ninggal tradhisi kasukuan lan nomadhiké lan ngalih menyang cara urip urban modhèren, wong-wong kuwi manggahi budaya Badawi tradhisional sing ganthané kagolong ʿašāʾir, musik tradhisional, geguritan, beksan (kaya Saas), lan praktèk budaya liyané. Wong Badawi urban uga ngadani karaméan budaya, lumrahé diadani kaping bola-bali sataun. Ing karaméan kuwi wong-wong Badawi ngumpul kanggo mèlu-mèlu lan nyinaoni tradhisi Badawi—saka maca geguritan lan beksan pedhang tradhisional, tekan kelas-kelas sing mulang ngrajut téndha mawa cara tradhisional lan mainaké piranti musik tradhisional. Tradhisi-tradhisi kaya nunggangi unta lan kémah ing sagara wedhi uga minangka kagiyatan sing asring dilakokaké kanggo ngisi wektu sela kanggoné wong badawi urban sing ndunungi wewengkon sacedhaké sagara wedhi utawa panunggalané.