From Wikipedia, the free encyclopedia
Wong Arwaniti, utawa Arvanites (Grikenlan: Αρβανίτες, Arvanitika: Arbëreshë / Αρbε̰ρεσ̈ε̰ or Arbërorë) ya iku golongan cacah jiwa dwibasa[1] ing Yunani kang asliné nyaturaké basa Arwanitika, sawijining dhialèk basa Albania bebarengan karo basa Yunani. Wong-wong iki ndunungi Yunani sasuwéné pungkasaning Jaman Tengahan lan minangka cacah jiwa dhominan ing sawenèh wewengkoning Peloponnese lan Attika nganti abad angka 19.[2] Para Arwaniti ing wektu saiki nganggep awaké dhéwé minangka wong Yunani[3][4][5] minangka asil saka prosès asimilasi, lan ora nganggep dhèwèké minangka wong Albania utawa péranganing bangsa Albania.[6] Wong-wong iki ngarani awaké dhéwé para Arwaniti utawa Arvanites (ing Yunani) lan Arbëror (ing basané dhéwé). Brayan-brayané para Arwaniti ing Yunani Lor-Kulon diarani Shqiptar (istilah kang pada dianggo wong-wong Albania ing Albania).[4] Nalika abad angka 20, basa Arwanitikia mono sangsaya suda panganggoné lumantar ananing kaanan alihan basa menyang basa Yunani lan migrasi internal gedhé-gedhénan menyang kutha-kutha gedhé kang njalari aworing wong-wong.
Gunggung cacah jiwa | |
---|---|
Diwetara ana 50.000–200.000 | |
Tlatah mawa cacah jiwa akèh | |
Attica, Peloponnese, Boeotia, Épirus (Yunani) | |
Basa | |
basa Arwanitika, basa Yunani | |
Agama | |
Ortodoks Yunani | |
Golongan ètnik magepokan | |
wong Albania, wong Yunani, wong Arbëreshë (ing Itali) |
Wewengkon kanthi ananing pangayunan tradhisional saka para Arwaniti tinemu mligi ing papan papan kang padhet ing Yunani Kidul-Wétan, ya iku ing Attika (Mliginé ing Attika Wétan), Boeotia Kidul, Lor-Wétané Peloponnese, sakiduling pulo Euboea, saloring pulo Andros, lan sawenèh pulo ing Teluk Saronik kalebu Salamis. Ing péranganing wewengkon iki, wong-wong mau mbentuk cacah jiwa mayoritas kang padhet nganti watara taun 1900. Sajeroning Attika, pérangan kutha krajan Aténa lan wewengkon sapinggiring kutha, ana para Arwanitik nganti pungkasaning abad angka 19.[7] Uga ana sawenèh pamukiman ing sawenèh pérangan liyané Peloponnese, lan ing Phthiotis (désa Livanates, Malesina, Martino).
Ora ana jumlah kang pesthi ngenani cacah jiwaning para Arwaniti ing Yunani ing wektu iki (ora ana data resmi bab étnisitas ing Yunani). Sawijining sumber saka Venesia ing tengahaning abad angka 15 metara yèn ana 30.000 wong Albania kang urip ana ing Peloponnese ing wektu semana.[8] Ing tengahaning abad angka 19, Johann Georg von Hahn metara jumlahé ing Yunani antaraning 173.000 lan 200.000.[9] Sènsus resmi kang pungkasan saka taun 1951. Awit kuwi, jumlahé wong Arwaniti watara 25.000 tekan 200.000. Ing ngisor iki tingkesaning pangira-ira bab jumlah kang manéka warna (Botsi 2003: 97):
Kaya cacah jiwané Yunani kang liya, para Arwaniti uga uwis ngalami émigrasi saka désa-désané menyang kutha, mligi menyang kutha krajan Aténa. Iki njalari pituna ing bab basa tumrap anak putu turun-temuruné.
Sanajan basa Arwanitika lumrahé karan basa Albania ing Yunani nganti abad angka 20, pangajabing wong Arwaniti kanggo mahyakaké jati dhirining étnisé minangka wong Yunani uga njalari panulakan marang jati dhiriné basa Albania.[12] Akir-akir iki, para Arwaniti amung nduwé pamikiran kang keliru ngenani gegayutané basané dhèwè marang basa Albania.[13] Awit Arwanitikia iku mligi minangka basa caturan, wong Arwaniti uga ora rumangsa duwé basa Albania Baku kang dianggo ing Albania, katon saka ora kanggoné basa Albania Baku ing basa tulis lan ing médhiané wong Arwaniti. Pitakonan ngenani celetan ing bab basa utawa adoh cedhaké antaraning basa Arwanitika lan basa Albania uwis ana mligi awit kawitané taun 1990-an, nalika para imigran saka Albania kanthi cacah kang akèh wiwit lumebu Yunani lan kontak karo brayan-brayan Arwaniti lokal.[14]
Wiwit taun 1980-an, uwis ana pangiguh saperlu nglestarékaké pituwah ing bab basa lan budaya saka para Arwaniti. Pakumpulan gedhé dhéwé kang ngupadi kanggo promosi basa Arwanitika ya iku "Arvanitic League of Greece" (Αρβανίτικος σύλλογος Ελλάδος).[15]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.