![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/d/d3/William_Henry_Harrison_by_James_Reid_Lambdin%252C_1835.jpg/640px-William_Henry_Harrison_by_James_Reid_Lambdin%252C_1835.jpg&w=640&q=50)
William Henry Harrison
presidhèn Amérika Sarékat kaping 9 / From Wikipedia, the free encyclopedia
William Henry Harrison (lair ing Charles City County, Colony of Virginia, 9 Fèbruari 1773 – pati ing Washington, D.C., 4 April 1841 ing umur 68 taun) yaiku pimpinan militèr Amérika, pulitikus, lan Présidhèn Amérika Sarékat yang kaping 9.[1] Henry dilantik nalika tanggal 4 Maret 1841 lan mati 31 dina sawisé dilantik.[2] William H. Harrison yaiku présidhèn Amérika Sarékat pisanan kang mati nalika isih njabat dadi présidhèn[2]. William H. Harrison lair tanggal 9 Fèbruari 1773 ana ing Charles City, Virginia, Henry yaiku putra saka salah siji Pemimpin Amérika Sarékat, Benjamin Harrison V[3] lan Elizabeth Basset[4]. Bapake Henry dadi salah sijiné wong kang mèlu nandatangani Deklarasi Kemerdekaan Amérika.[2] Putune uga dadi Présidhèn Amérika Sarékat kang kaping 23, yaiku Benjamin Harrison[4]. William Harrison wiwitane mèlu sinau ana ing babagan kadhokteran, nanging banjur mandeg nalika bapake mati.[4] Henry banjur dadi bala lan olèh tugas 7 taun.[4] Taun 1812 nalika Amérika perang lawan Inggris, nalika iku William Harrison duwé pangkat Brigadir Jenderal, lan ngalahake wadyabala gabungan Inggris lan Indian ing wewengkon kulon sagara Amérika Sarékat.[4] Kemenangan iki langsung mandegake ancaman penyerbuan Inggris ing sabanjuré menyang wewengkon iku lan ndadèkaké jenenge misuwur.[4]
William Henry Harrison | |
![]() | |
Masa jabatan 4 Maret 1841 – 4 April 1841 | |
Wakil Presiden | John Tyler (1841) |
Sadurungé | Martin Van Buren |
Pengganti | John Tyler |
Masa jabatan 4 Maret 1825 – 20 Mèi 1828 | |
Sadurungé | Ethan Allen Brown |
Pengganti | Jacob Burnet |
Lahir | 9 Fèbruari 1773 Charles City County, Colony of Virginia |
Meninggal | April 4, 1841(1841-04-04) (umur 68) Washington, D.C. |
Kebangsaan | Amérika |
Partai politik | Whig |
Suami/Istri | Anna Symmes Harrison |
Almamater | University of Pennsylvania |
Pekerjaan | Tentara |
Agama | Episkopal |
Tanda tangan | ![]() |