![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/4/40/English_Wiktionary_Main_Page.png/640px-English_Wiktionary_Main_Page.png&w=640&q=50)
Wikisastra
bausastra anéka basa ing internet / From Wikipedia, the free encyclopedia
Wiktionary, utawa—ing édhisi basa Jawa—Wikisastra iku proyèk kerabaté Wikipédia sing ditujoaké minangka bausastra wiki mardika (kalebu tèsaurus lan leksikon) ing kabèh basa. Wiktionary ing édhisi basa Inggris (en.wiktionary.org) dibukak sepisanan tanggal 12 Dhésèmber 2002 minangka tindak lanjut proposal Daniel Alston. Tanggal 29 Maret 2004, Wiktionary ing édhisi basa liyané, yaiku Prancis lan Polen, wiwit dibukak. Wiwit wektu iku, Wiktionary ing édhisi basa liyané uga wiwit dibukak. Awalé, Wiktionary nginduk ing URL sauntara nganti akhiré tanggal 1 Mèi 2004 dipindhah menyang www.wiktionary.org.
![]() ![]() Logo Wiktionary basa Inggris lan Jawa | |
Jinising situs | Bausastra online |
---|---|
Ana ing basa | Manéka basa |
Kang duwé | Yeyasan Wikimedia |
Digawé déning | Jimmy Wales lan paguyuban Wikimedia |
Situs jaringan | wiktionary |
Dagang | Ora |
Règistrasi | Manasuka |
Kababar | Dhésèmber 12, 2002; 21 taun kapungkur (2002-12-12) |
Setatus saiki | Aktif |
Wiktionary dicawisaké kanggo
- njelasaké surasaning tembung, istilah, lan cekakan
- tesaurus kanthi cara nunjukaké sinonim
- mertalaké tembung-tembung saka sawijining basa nuju basa liyané.
Ora kaya bausastra lumrahé sing monolingual/ekabasa utawa bilingual/dwibasa, Wiktionary wujud bausastra multilingual/multibasa lan internasional, sing tegesé duwé tujuan kanggo nyakup saben tembung saka kabèh basa sing dimangertèni lan nglakokaké ing manéka warna basa. Minangka conto, Wiktionary édhisi basa Inggris ngandhung entri/lema saka manéka warna basa, namung ditulis ing basa Inggris. Wiktionary édhisi basa Jawa uga bisa duwé artikel-artikel sing padha karo édhisi basa Inggris, nanging artikelé ditulis ing basa Jawa.
Bédané antarané Wiktionary lan Wikipédia iku akèhé entriné diwiwiti kanthi huruf cilik. Minangka conto, entri kanthi huruf cilik i lan kapital I béda.