Dasanama (Carakan : ꦢꦱꦤꦩ) iku tegesé manéka warna utawa sesebutan liyané kanggo siji paraga utawa manungsa. Lumrahé dasanama iku kanggo njenengi paraga wayang sing duwé jeneng punjul siji. Tembung "dasanama" iku asalé saka basa Sangskreta daśanāma lan kanthi barès tegesé "sepuluh jeneng". Tembung iki siji kompositum ajenis dvigu . Dasanama uga bisa diarani tembung-tembung kang tegesé isih nunggal-misah. Tegesing tembung-tembung mau kèh-sethithiké isih padha,mirib utawa mèmper, sing diarani sinonim . Dadi dasanama iku kena diarani kadidèné kamus sinonim. Saliyané kanggo mbédak-mbédakaké pengertèn kanthi premati, anané tembung-tembung mau uga bisa kanggo variasi, supaya tembung-tembung kang digunakaké ora mung iku-iku baé.[1]
Kiriman akun média sosial Wikipédia Jawa kang medharaké dasanamané 'manuk' Tembung kang nduwèni dasanama iku cacahé akèh lan manéka warna, ing antarané yaiku bab jeneng-jenengé paraga wayang, kéwan, pananggalan, papan, lan sapanunggalané. Ing ngisor iki ana sapérangan pratéIaning tembung kajangkepan mawa dasanamané:[2] [3]
kethèk = réwanda | kenyung | kera | kapi | kuthila | kuthilapas | wanara | wré | plawaga | palwaga | palgosa | juris | munyuk | monyèt | gocara | bruk | bedhès
lutung = anjani | cenguk | kanjura | kresnadha | kresnangga | anuki | sulanjani | wiruka | joni | budheng
kucing = uridha | kusingha | kumwangga | windula | landhika | pusa | posiya | pawasa
sapi = andana | andaka | iyata | nadrika | sumwata | lembu | lambana | gorawa | garwita | gutara | gomara | biksu
kebo = andhanu | karbwita | danuka | setyaka | srawana | maésa | mundhing | miswa | gopaka | gomi | badhagas
banthèng = andaka | angun-angun | sarawa | jawidha | yawa | go | goh | gurisa | gawindra | gawaksa | gawala | bapakridha
warak = endhepan | ascarma | karthupa | durgangga | sandela | warkapati | libra | panyula | barkita
asu = anjing | aswibuja | cika | camera | kuwaka | sona | srenggala | swa | sagawon | wreka | purisika | basu | bugel
cèlèng = andhapan | celengan | durgangsa | sungkara | waraha | wijung | wag | weg | jubris | bakwi
gajah = asti | èsthi | kunjara | dwirocana | dwaradha | dwipa | dwipangga | samadya | samaja | waniti | liman | pinggala | matengga | gajaksa | gathamuthu | bajramuka
ula = ananta | urar | aliman | nuwinda | naga | taksaka | sarpa | sawer | wasu | wiswaka | bujangga
kadhal = umetaka | karla | didika | bundhan
banyak = awija | angsa | wranggura | gangsa
pitik = ahyam | ayam | kruha | sata | pitrik | kruwaka | ékraya
manuk = kukila | kaga | saimbra | paksi | garura | garelya | garudha
lawa = cot | sèri | sopla | sémbu | laba
garangan = sapwan | walagra | gitraka | giyu
kemangga = umeng | kyaksa | kamamangga | warmata | gumenggeng
walang = kithika | wancak | wancal | wancala
semut = rurinda | kasarya | tutsma | brakithi
kupu = rangana | karmija | drupawa | trija
tawon = tusara | tuskara | tapsa | wata | metala | labet
kinjeng = kipada | trawanggana | trungka | saspada | gambyang
coro = curwa | karlaka | wragna | lipasa
jangkrik = rikrita | wiksnadha | jota
yuyu = rakatha | karkatha | kratika | kalakatha
bulus = krudhapada | kurmanda | welusa | wedhungha | weyangga
iwak = oti | wiyangga | jita | mina | mira | matsya | maswa
Dasanama dina:
Senèn = Soma
Slasa = Anggara
Rebo = Buda
Kemis = Respati
Jumuwah = Sukra
Setu = Tumpak
Ahad = Dité
Dasanama dina pasaran Jawa:
Legi = Manis
Pahing = Paing, Pethakan
Pon = Kuningan, Kelabet
Wagé = Cemengan
Kliwon = Kasih
Ing ngisor iki pratélaning sapérangan paraga wayang dalah dasanamané:[4]
Ratu
Prabu Drupada = Sucitra, Pancalaraja
Prabu Bismaka = Hiranyaka, Rukmaka
Prabu Kresna = Sri Bathara Arimurti, Narasingha, Narayana, Kresna, Danar(janar)dana, Wisnumurti, Wasudéwa, Padmanaba, Basudéwaputra
Prabu Boma Narakaswara = Sitija, Mahitalasuta, Trajutresna, Mahija
Prabu Basukethi = Wasupati
Prabu Durgandana = Wirathèswara, Matswanata, Matswapati, Maswapati, Baswéndra
Prabu Wisrawana = Dhanaraja, Dhanapati
Prabu Ugraséna = Ékawwama, Setyajit
Prabu Setyaki = Ékaboma, Sarayuddha, Sinisuta, Wresniwira, Yaduwresni, Bimakunthing
Prabu Arjunasasra = Arjunawijaya, Sasrabau
Prabu Salya = Narasoma, Somadanta, Madrakéswara, Madridipa
Prabu Baladéwa = Halayuda, Kakrasana, Kusumawalikita, Jaladara, Basukiyana, Balarama
Prabu Abyasa = Rancakaprawa, Kresnadwipayana, Déwayana, Suktinaprawa,Wyasa
Prabu Pandhu Déwanata = Darmaraja, Déwayana, Gandrawastra
Prabu Suyudana = Anggendarisuta, Kurupati, Duryudana, Jayapitana
Prabu Yudhistira = Darmaraja, Darmakusuma, Darmawangsa, Darmaputra, Dwijakangka, Puntadéwa, Gunatalikrama
Prabu Parikesit = Darmasarana, Mahabrata
Prabu Yugiswara = Yudayana, Baswara
Prabu Karna = Radéya, Kunthibojatenaya, Suryaputra, Basuséna
Prabu Dasamuka = Rahwana, Wasaswa
Prabu Ramawijaya = Ramabadra, Ragawa, Dasapati
Prabu Niwatakawaca = Nirbita
Prabu Drawakawaca = Ardawalika
Satriya dan Pandhita
Anoman = Anilatmaja, Anjanisuta, Ramadayapati, Pawanasuta, Maruti, Marutasuta, Bayusuta, Bawyatmaja
Radèn Antareja = Antaséna, Sénaputra, Jayabuntala
Radèn Angkawijaya = Abimanyu, Sumbadriya, Wanuddhara
Resi Kanwa = Kano, Kowara, Nagata
Resi Druna = Kumbayana, Kumbayoni, Swayana, Baratmadyaputra
Radèn Drusthajumena = Drupadaputra, Sikandhana, Pancaléya
Satyaki = Ékaboma, Sinisuta, Sarayoddha, Wresniwira, Yaduwresni, Bimakunthing
Patih Suwanda = Semantri
Radèn Samba = Kresnaputra, Wisnubrata, Jembawatiputra
Patih Sengkuni = Suman
Harya Wrekudara = Kusumadilaga, Kusumayuda, Séna, Wayuninda, Pawanasuta, Judhipati, Jayalaga, Gandawastratmaja, Bayusuta, Brataséna, Bima, Bimaséna
Radèn Warsakusuma = Anggakusuma, Karnasuta
Radèn Leksmana = Andakasiwaya, Nitiatma, Ramaleksmana, Trunasudarsana, Trunawimbaningrum, Tanggulmaruta, Sumitratmaja
Radèn Janaka = Éndraputra, Arjuna, Kunta, Kirithi, Kumbalyali, Dananjaya, Pandhuputra, Parta, Pararta, Premadi, Palguna, Janawi
Harya Jayadrata = Sindurja, Sindupati, Sapwaniputra
Radèn Gathutkaca = Érawana, Arimbyatmaja, Tutuka, Sénaputra, Purobaya, Guretna
Resi Bisma = Santanuja, Satwana, Warabisma, Wisama, Jahnawisuta, Ganggasuta, Biwara
Wreksosoehardjo, Soedjarwo. 2009. Pepadhang . Semarang: Lengkongcilik Press.
Anonim (1882). Kawi Dasanama . Surakarta.
Padmasusastra (1897). Serat Dasanama Kawi . Surakarta.
Padmasusastra; Sasradiningrat; Wirapustaka (1903). Serat Bausastra: Jarwa Kawi . Surakarta: Sie Dhian Hoo.