Whitcomb L. Judson ya iku pangréka lèrèkan saka Amérika.[1] Dhèwèké ngréka lèrèkan taun 1890.[1] Telung taun cadhaké, ya iku ing taun 1893, Judson éntuk hak patèn.[1] Panemon lèrèkan, diwiwiti nalika dhèwèké melas karo kancane.[1] Banjur dhèwèké nyoba-nyoba.[1] Dhèwèké melas karo kancane kang gegere lara nalika nalekake sepatu.[1] Sawisé seminggu angone nyoba-nyoba, Judson kasil anggoné gawé piranti kang kondhang kanthi aran lèrèkan.[1] Amarga tetemoné mau, kancane dadi seneng amarga bisa mbuka kan nutup sepatuné.[1] Tanggal 29 Agustus 1839, Judson ndaftarake hak patène.[1] Lereken kanthi wujud baris cacah loro kang adhep-adhepan, kawiwitan dianggo sadurungé taun 1950 déning indhustri ageman dadèn.[1] Nanging ing wektu kang padha, lèrèkan dianggep piranti kang angèl dianggo lan kurang ringkes, mula ora patiya diperhatekake wong akèh.[1]

Thumb
Whitcomb L. Judson

Kadadéan kaya mau lumayan suwé, pungkasané Gideon Sundback, sawijining insinyur saka Swèdhen, kang nalika iku nyambut gawé ing Amérika, mènèhi inovasi wujud lèrèkan.[2]Gideon nambahaké cacahing untu saka papat saben inciné dadi sepuluh utawa sewelas.[2] Gideon uga nyipta piranti kanggo gawé lèrèkan.[2] Ing taun kawiwitan, mesiné ngasilaké atusan mèter lèrèkan saben dinané.[2] Judson tinggal donya nalika taun 1909.[2]

Cathetan suku

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.