Warna (Hindu)
From Wikipedia, the free encyclopedia
Wonten ing agama Hindhu, ukara Kasta dipunsebut kanthi Warna (Sanskerta: वर्ण; varṇa). Urat tembung "Warna" kapendhet saking basa Sanskerta "vrn" ingkang ngemu teges "milih". wonten ing ajaran agama Hindhu, status manungsa wonten ing masarakat dipunpendhet saking pedamelanipun. Wonten ing konsèp mau dipungambaraken éwadéné manungsa punika lair wonten ing kulawarga Sudra (budak) utawi Waisya (dagang), yèn piyambakipun sregep wonten ing babagan rohani saéngga dados pandhita, piyambakipun gadhah hak nyandhang status Brahmana. Saéngga, status manungsa wonten ing sajeroning masarakat punika boten saking piyambakipun lair nanging sabibaripun nglampahi pedamelan tartamtu.[1]
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/jv/thumb/f/f2/Simbol_Hindu.jpg/220px-Simbol_Hindu.jpg)
Wonten ing tradisi Hindhu, manawi satunggal tiyang ahli wonten ing babagan kerohanian, piyambakipun nyandhang status Brahmana. Bilih satunggal tiyang ahli utawi nindakaken pedamelan wonten ing babagan administrasi pamerentahan utawi nyandhang gelar minangka punggawa utawi prajurit nagara, piyambakipun nyandhang status Ksatriya. Manawi satunggal tiyang ahli babagan dedagangan uatwi niaga, tetanèn, sarta pakaryan sanèsipun ingkang gegayutan kaliyan niaga, arta, piyambakipun nyandhang status Waisya. Manawi satunggaling tiyang nindakaken pakaryan minangka pembantu saking tigang status mau (Brahmana, Ksatriya, Waisya), piyambakipun nyandhang status minangka kasta Sudra.[2]