From Wikipedia, the free encyclopedia
Vokan Santa Maria inggih punika salah satunggaling nama gunung geni ingkang taksih aktif ingkang manggèn wonten ing Guatemala, celak kaliyan kutha Quetzaltenago. Wonten ing taun 1902 wonten salah satunggaling jeblugan gunung ingkang paling ageng wonten abad 20, sabibaripun Gunung pelee ingkang manggèn wonten ing Martinique kaliyan Soufriere wonten ing St Vincent.[1] Kerucut ingkang utami wonten ing santa boten aktif malih. Tanah wonten ing sakiwa tengenipun gunung, dipun-ginakaken kanggé lahan tetanèn. Wonten ing papan kasebat, masarakat sami nandur Kopi. PApan ingkang saged kawastanan bebhayan inggih punika kutha El Pamar kaliyan San Felipe ingkang manggèn wonten ing sisih kidulipun gunung.[2]
Santa Maria minangka sapérangan saking Sierra Madre gunung geni, ingkang wiyaripun wonten ing sisih kilenipun Guatemala, dipunpisahaken saking Samudera Pasifik déning dataran ingkang wiyar. Gunung punika dumadi saking subsduksi saking Lempeng Cocos sangandhapipun Lempeng Karibia ingkang nyababaken pandamelaning Arc Amérika Tengah Vulkanik Letusan ingkang wonten ing Santa Maria dipunprakirakaken kawiwitan kirang langkung 30.000 taun kapungkur. Sampun pinten-pinten èwu taun letusanipun suda langkung alit, jeblugan punika ndamel kerucut ingkang ageng kaliyan inggil, sapunika kirang langkung dumugi 1.400 mèter (4.600 kaki) wonten ing inggil kutha Quetzaltenango.[3]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.