![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/c/c7/Vela_constellation_map.png/640px-Vela_constellation_map.png&w=640&q=50)
Vela
From Wikipedia, the free encyclopedia
Vela inggih punika satunggaling konstelasi ingkang wonten ing belahan bumi sisih kidul. Nama Latin saking Vela inggih punika "sails".[1] Lintang vela inggih dipun-ginakaken kanggé péranganing satunggaling konstelasi ingakng ageng, inggih punika, Argo Navis, ingkang namanipun dipunpendhet saking warigaluh Argonauts sasampunipun ngadani èkspèdhisi dhateng Golden Fleece. Argo Navis dipunpérang malih déning International Astronomical Union dhateng tigang pérangan konstelasi inggih punika Carina (the keel), Puppis (the stern), lan Vela (the sails). Sebatan kanggé vela ingkang minangka satunggaling lintang ugi boten éwah, ingkang punika njalari Vela boten gadhah lintang ingkang dipuntedahaken déning alpha utawi beta Velorum. Konstelasi Vela inggih salah satunggaling babagan ingkang éndah ingkang mapan wonten ing sak kiduling galaksi Bimasekti. Lintan punika mapan wonten ing pinggiring rasi ingkang nonjol sanget inggih punika rasi Centaurus lan Carina.[2]
VELA | |
---|---|
![]() | |
Cekakan | Vel |
Genitif | Velorum |
Asensio rekta | 9 |
Deklinasi | −50 |
Area | 500 derajad pesagi (#32nd) |
Lintang utama | 5 |
Lintang Bayer/Flamsteed | 50 |
Lintang mawa planèt | 7 |
Lintang padhang | 5 |
Lintang cedhak | 2 |
Lintang paling padhang | γ Vel (1.75m) |
Lintang paling cedhak | Gliese 367 ( tc) |
Obyèk Messier | 0 |
Udan météor | Delta Velids Gamma Velids Puppid-velids |
Rasi lintang sing wewatesan | Antlia Pyxis Puppis Carina Centaurus |
Katon antara lintang +30° lan −90°. Katon paling cetha ing wektu 21.00 jroning sasi March. ' | |