Uzbèkistan
From Wikipedia, the free encyclopedia
Républik Usbekistan (kadhangkala diéja Uzbekstan utawa Ozbekistan), jeneng resminé Républik Uzbekistan (basa Uzbek: O‘zbekiston Respublikasi utawa O‘zbekiston Jumhuriyati; Sirilik: Ўзбекистон Республикаси; basa Ruslan: Республика Узбекистан), iku nagara ing Asia Tengah, sing sadurungé minangka péranganing Uni Soviet. Nagara kanthi wewengkon sing kakurung dharatan iki wewatesan karo Kazakhstan ing sisih kulon lan lor; Kirgizstan lan Tajikistan ing sisih wétan; lan Afganistan lan Turkmenistan ing sisih kidul. Basa resmi siji-sijiné ya iku basa Uzbek, siji basa Turkik, nanging basa Ruslan tetep dipigunakaké, sisa paninggalan papréntahan Soviet. Watara 1 yuta suku Tajik, siji golongan ètnis sing isih sak rumpun karo bangsa Pèrsi, manggon ing nagara iki,[1] lan minangka 4,8% saka sing ndunungi.[2] Tembung Ozbek kawangun saka oz ("sajati/asli") lan bek ("pemimpin/bangsawan"), saéngga "Ozbek" tegesé "bangsawan" utawa "pamimpin sajati".
O‘zbekiston Respublikasi O‘zbekiston Jumhuriyati | |
---|---|
Motto: — | |
Gunagita: O`zbekiston Respublikasining Davlat Madhiyasi | |
Kuthagara lan Kutha paling gedhé | Tashkent |
Jawatbasa | Uzbek |
Papréntahan | Républik |
Kamardikan | |
• Banyu (%) | 4,9% |
Population | |
• Pikira-kira 2005 | 26.851.195 (42) |
• Cacahjiwa - | - |
GKK (ITK) | Pikira-kira 2005 |
• Gunggung | AS$45,75 miliar (74) |
• Saben wong | AS$1.766 (154) |
Artacihna | Som (UZS) |
Laladan wektu | UTC+5 |
• Mangsa ketiga (AKK) | UTC+5 |
Kodhé bèl | 998 |
TLD internèt | .uz |