Ulysses S. Grant
From Wikipedia, the free encyclopedia
Ulysses S. Grant lair minangka Hiram Ulysses Grant (lair ing Point Pleasant, Ohio, 27 April 1822 – pati ing Mount McGregor, New York, 23 Juli 1885 ing umur 63 taun) ya iku jenderal Amérika lan Présidhèn Amérika Sarékat (1869–1877) angka 18. Panjenengané njabat présidhèn sasuwené rong mangsa kalungguhan katurut-turut ing antarané taun 1869 tekan 1877[1].
Ulysses S. Grant | |
---|---|
Présidhèn Amérika Sarékat angka 18 | |
Linggih 4 Maret 1869 – 4 Maret 1877 | |
Wakil Présidhèn | Schuyler Colfax (1869-1873), Henry Wilson (1873-1875), Tidak Ada (1875-1877) |
Kang sadurungé | Andrew Johnson |
Kang sawisé | Rutherford B. Hayes |
Rerincèn dhiri | |
Lair | 27 April 1822 Point Pleasant, Ohio |
Pati | Juli 23, 1885(1885-07-23) (umur 63) Mount McGregor, New York |
Bangsa | american |
Parté pulitik | Républik |
Sisihan | Julia Dent Grant |
Panggaota | Wadya |
Agama | Kristen Protèstan-Methodis |
Tandha tangan |
Ulysess Grant ya iku pahlawan militèr nalika panjenengané kapilih dadi présidhèn. ing taun 1864, panjenengané diangkat dadi Jenderal paling dhuwur déning Présidhèn Abraham Lincoln ing Perang Saudara Amérika. Ing taun 1865 panjenengané nampa panyerahan Jenderal Robert Lee, panglima praja-praja kidul Amérika sing ngraman, sing nandakaké rampungé Perang Sedulur. Panjenengane dianggep sing bisa menangaké perang iki, minangka panglima prajurit Federal sing ngalahaké prajurit Konfederasi[2].