![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/f/fe/Ulan_Bator_in_Mongolia.svg/langjv-640px-Ulan_Bator_in_Mongolia.svg.png&w=640&q=50)
Ulaanbaatar
From Wikipedia, the free encyclopedia
Ulaanbaatar, biyèné jejuluk Ulan Bator // Mongol: Улаанбаатар, [ʊɮɑːm.bɑːtʰɑ̆r], Ulayanbayatur, kanthi barès "Wira abang"), iku kutha krajan Mongolia lan kutha gedhé dhéwé. Kutha iki ora klebu ing provinsi (aimag) ngendi waé ing negara iki. Mèh setengah saka gunggung padunung negara Mongolia, manggon ing kutha iki. Cacah padunungé ing taun 2014 luwih saka 1,3 yuta.
Ulaanbaatar Улаанбаатар Urga | |||
---|---|---|---|
Kutha | |||
Trankripsi Sirilik baku | |||
• Sirilik Mongolia | Улаанбаатар | ||
• Diwaca | Ulaanbaatar | ||
Trankripsi Mongolia klasik | |||
• Tulisan Mongolia | ᠤᠯᠠᠭᠠᠨᠪᠠᠭᠠᠲᠤᠷ | ||
• Diwaca | Ulaγanbaγatur | ||
| |||
Peparab: УБ (UB), Нийслэл (ibu kutha), Хот (Kutha) | |||
![]() Pernahé Ulaanbaatar | |||
Koordhinat: 47°55′N 106°55′E | |||
Negara | Mongolia | ||
Kayasa minangka Urga | 1639 | ||
Kapernah | 1778 | ||
Ulan Bator | 1924 | ||
Pamaréntahan | |||
• Mayor | Sunduin Batbold (MPP) | ||
Laladan | |||
• Gunggung | 4,704,4 km2 (1,816,3 sq mi) | ||
Élepasi | 1,350 m (4,429 ft) | ||
Cacah warga (2013) | |||
• Gunggung | 1,372,000 | ||
• Pepadhet | 272/km2 (704/sq mi) | ||
Zona wektu | H (UTC+8) | ||
Kode Pos | 210 xxx | ||
Kodhe laladan | +976 (0)11 | ||
HDI (2014) | 0.818—dhuwur banget | ||
Plat lisènsi | УБ ,УН | ||
ISO 3166-2 | MN-1 | ||
Climate | BSk | ||
Situs wèb | www |
Kutha iki kapernah ing tengah lor Mongolia. Kutha iki manggon udakara 1.300 mèter sadhuwuré sagara lan pernahé ing èrèngé Kali Tuul. Kutha iki dadi punjering budaya Mongolia, indhustri, lan ékonomi. Dalan punjering Mongolia nyambung marang Rél Trans-Siberia ing Ruslan lan sistem rél ing Cina.[1]
Kutha iki diyasa nalika 1639 minangka dadi punjering papan pindhahan Buddha monastik. Papan iki dadi tempuraning antarané Kali Tuul lan Kali Selbe. Sadurungé iku, ibukuthané diganti kaping wolu likur, lan saben ibukutha kang dipilih kanthi upacara kang resmi. Ing abad rong puluh, Ulaanbaatar ngrembaka dadi punjering indhustri kang tansaya gedhé.