Ujung Koréa
From Wikipedia, the free encyclopedia
Ujung Koréa (Hangul: 한반도 Han bando ing Koréa Kidul, 조선반도 Choson bando ing Koréa Lor) yaiku ujung ana ing Asia wétan, kang dawané watara 1.100 kilomèter menyang arah kidul dharatan Asia kontinental nganti tekan Samodra Pasifik lan diubengi Sagara Jepang (ing Koréa dikenal kanthi jeneng "Sagara Wétan") ing sisih wétan, Sagara China Wétan ing sisih Kidul, lan Sagara Kuning ana ing sisih kulon.[1] Ujung Koréa saiki dibagi dadi rong nagara yaiku Koréa Kidul lan Koréa Lor.[2] Sadurungé pecah lan dadi rong nagara nalika Perang Dunia II, Koréa yaiku entitas pulitik tunggal kang wewengkone ana ing kiwa-tengené Ujung Koréa.[2] Perbatasan Ujung Koréa ana ing sisih lor dianggep dadi wates pulitik antarané Koréa Lor lan Républik Rakyat Cina (1.416 km) lan Ruslan (19 km).[1] Perbatasan iki ana kanthi cara alami yaiku Kali Yalu (Amnok) lan Kali Tumen.[1]