![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/3/38/Tutanchamun_Maske.jpg/640px-Tutanchamun_Maske.jpg&w=640&q=50)
Tutankhamun
From Wikipedia, the free encyclopedia
Tutankhamun (kala-kala uga diparabi King Tut) ya iku Pirngoning Mesir Kuna wiwit udakara 1334 Masèhi nganti 1323 Masèhi. Dhèwèké dadi Pirngoning wangsa angka 18 (kulawarga radya) nalika dhèwèké umur 9 taun ing jaman Praja Anyar Mesir.
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/3/38/Tutanchamun_Maske.jpg/320px-Tutanchamun_Maske.jpg)
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/4/40/Egypt.KV62.01.jpg/320px-Egypt.KV62.01.jpg)
Tutankhamun kuwi anak lanangé Akhenaten karo salah sawijining sadulur wadoné,[1] utawa bokmenawa salah sijiné pulunané.[2] Tutankhamun mréntah suwéné 9 taun lan tinggal donya nalika dhèwèké isih enom, ing umur 18 taun. Iki marakaké dhèwèké diapali minangka "The Boy King" utawa "Ratu Lanang sing Enom". Dhèwèké rabi karo sadulur kuwalon wadoné, Ankhesenamun, anaké Padmi Nefertiti, ibu kuwaloné.
Ing taun katelu pamaréntahané, Tutankhamun malikaké sawenèh owah-owahan sing digawè nalika jumenengé bapaké. Dhèwèké ngakiri pamujan marang déwa Aten lan maluyakaké déwa Amun tumuju kaunggulan. Pamenggak marang kultusing Amun diangkat lan hak-hak sing gegayutan karo adat dibalèkaké marang imamé. Kutha krajané dipindhah manèh marang Thebes lan kutha Akhetaten ditinggalaké.[3] Sawisé kuwi dhèwèké ganti jeneng dadi Tutankhamun, "Citra Uriping Amun", mratandhani pamulihané Amun.