![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/5/5b/%25E7%25A9%258D%25E3%2582%2593%25E8%25AA%25AD%2540Dec_5%252C2010_%25285233729309%2529.jpg/640px-%25E7%25A9%258D%25E3%2582%2593%25E8%25AA%25AD%2540Dec_5%252C2010_%25285233729309%2529.jpg&w=640&q=50)
Tsundoku
Tembung slang kanggo ngarani kagiyatan nglumpukaké buku nanging bukuné ora diwaca / From Wikipedia, the free encyclopedia
Tsundoku (Jepang: 積ん読) iku nduwé bahan wacan kang mung dienengaké baé, tanpa diwaca.[1][2][3]
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/5/5b/%E7%A9%8D%E3%82%93%E8%AA%AD%40Dec_5%2C2010_%285233729309%29.jpg/640px-%E7%A9%8D%E3%82%93%E8%AA%AD%40Dec_5%2C2010_%285233729309%29.jpg)
Tembung iku asalé saka jaman Méiji (1868–1912) minangka tembung slang ing basa Jepang.[4] Asalé saka carubing tembung tsunde-oku (積んでおく, nglumpukaké barang kanggo digarap mengko) lan dokusho (読書, maca buku). Tembung iku uga ngemu surasa buku-buku kang arep diwaca mengko nalika wis didèkèk ing rak buku. Panulisé tembung iku nggabungaké karakter "nglumpukaké" (積) lan karakter "maca" (読).[4]
Kandhané A. Edward Newton kasitir:
Sanajan ta mokal diwaca, anané buku-buku kang diduwèki bisa njalari wong kédanan kang rumasa nukoni akèh buku nanging ora diwaca iku ora sapira tinimbang rasa péngin nduwèni buku saakèh-akèhé ... awak dhéwé rumasa seneng marang buku-buku sanajan ta ora diwaca, mung amarga buku mau ana ing cedhaké awak dhéwé banjur bisa njalari awak dhéwé rumasa ayem, amarga bukuné bisa dicandhak kapan waé.[5]