![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/4/42/Pangolin_borneo.jpg/640px-Pangolin_borneo.jpg&w=640&q=50)
Trenggiling
kéwan nyusoni / From Wikipedia, the free encyclopedia
Trenggiling (Manis javanica syn. Paramanis javanica) iku wakil saka ordho Pholidota kang isih tinemu ing Asia Kidul-Wétan. Kéwan iki mangan gegremet lan mligi semut lan rayap. Trenggiling urip ing alas udan tropis dhataran cendhèk. Trenggiling uga sok ditepungi minangka anteater.
Sunyata Rikat Setatus konservasi, Klasifikasi ngèlmiah ...
Trenggiling[1] | |
---|---|
![]() | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Mammalia |
Ordho: | Pholidota |
Famili: | Manidae |
Génus: | Manis |
Spésies: | M. javanica |
Jeneng binomial | |
Manis javanica Desmarest, 1822 | |
Tutup
Wangun awaké dawa, mawa ilat kang bisa dijulurké nganti saprotelon dawané awaké kanggo golèk sumut ing susuhé. Rambuté kamodhifikasi dadi sisik gedhé kang kasusun mbentuk tameng malapis-lapis minangka piranti njaga dhiri. Yèn diganggu, trenggiling bakal nggulung awaké kaya bal. Trenggiling bisa uga ngobat-abitké buntuté, saéngga sisiké bisa natoni kulit pengangguné.
Trenggiling kaancam kalestariané amarga habitaté kaganggu sarta dadi obyèk perdagangan kéwan alasan.